Jadwal Kursus OW

Dalang Cilik : Hari Kamis, dan Sabtu jam 16.00 s/d selesai.
Dalang Dewasa : Hari Sabtu, jam 20.00 s/d selesai.
Kethoprak : Hari Kamis, jam 20.00 s/d selesai.

Salam Budaya,,

WANDA GATHUTKACA

Kamis, 26 Agustus 2010

GATHUTKACA

Ingkang Kacathet
a. Guntur      d. Bedhug
b. Thathit     e. Gandrung
c. Kilat       f. Gelap

a. Gathotkaca wanda Guntur
Yasan : Sunan Mangkurat ing Mataram
Tahun : 1578
Tegesipun    : Guruh utawi gegirisi.
- Prupan     : Radi longok
- Mripat     : Blabak irit
- Pundak     : Pajeg
- Badan      : Pajeg
- Pawakan    : Singset
- Sunggingan : Awak-awakan cemeng

b. Gathutkaca wanda Thathit
Yasan : P. B. II
Tahun : 1655
Ciri :
- Praupan    : Tumungkul
- Gulu       : Manglung
- Pundhak    : Radi inggi wingking
- Mripat     : Jait
- Suku wingking : Mancat
- Badan      : Singset
- Dada       : Radi bunder
- Praba      : Pucuk nginggil mentelung sanget.
- Piyadeg    : Pajeg

Keterangan : Gathutkaca wanda 1, 2 tumrap ing padhusunan kosokwangsulipun. Guntur ingkang tumungkul, Thathit ingkang longok

c. Gathutkaca wanda Guntur (ing Klaten)
- Praupan      : Tumungkul jembar
- Gelung       : Sedeng
- Praba        : Pucuk tekung sanget
- Gulu         : Keker
- Pundhak      : Wingking radi inggil
- Dhadha       : Bunder
- Suku ngajeng : Radi nakur
- Sungging     : Gembleng / Prada
- Piyadeg      : Radi dhoyok

d. Gathutkaca wanda Thathit ( ing Klaten)
- Praupan      : Longok
- Mripat       : Jait
- Gulu         : Sedheng
- Gelung       : Sedheng
- Pundhak      : Sipat
- Pupu         : Radi malang

e. Gathutkaca wanda Gandrung (ing Klaten)
- Praupan      : Tumungkul
- Pipi         : Jembar / wiyar
- Mripat       : Jait
- Tutuk        : Luwes
- Sumping      : Oncan-oncan
- Praba        : Pucuk radi jejeg
- Dhadha       : Radi gepeng
- Pawakan      : Kenceng
- ½ sor-soran  : Ebah
- Suku         : Mancat radi mleset

f. Gathutkaca wanda Kilat
Ciri : meh sami kaliyan thathit ing Klaten, nmung mawi oncen-oncn sumping
Badan          : Katingal singset, lambung radi mayat.

g. Gathutkaca wanda Gelap
- Praupan      : Tumanduk radi katingal jembar
- Gelung       : Radi leleh
- Pundhak      : Jinggring
- Mripat       : Blebes
- Piyadeg      : Sangkuk
- Suku         : Panjang ngajeng
- Sorsoran     : Kendho
- Sungging     : Ireng

h. Gathutkaca wanda Bedhug
Ciri : Sor-soranipun / ngandhap lak sanget, ginanipun namung kangge mabur. Ing padhusunan dereng wonten, namung ing Kraton Surakarta.

0 comments:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.

Mengenai Saya

Foto Saya
Oemah Wayang Klaten
Lihat profil lengkapku

Chat

Art & Artist Blogs - BlogCatalog Blog Directory


Kerjasama Bareng :

Kerjasama Bareng :


Blogger templates