Jadwal Kursus OW

Dalang Cilik : Hari Kamis, dan Sabtu jam 16.00 s/d selesai.
Dalang Dewasa : Hari Sabtu, jam 20.00 s/d selesai.
Kethoprak : Hari Kamis, jam 20.00 s/d selesai.

Salam Budaya,,

LAKON WAYANG DURNA NGEJAWA VERSI JOMBOR

Senin, 30 Agustus 2010

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


(ASWATAMA LAIR)

1. GAJAHOYA
a. WAYANG
DESTARATA, SUMAN, KURUPATI
b. GINEM
Sasedane PANDHU, NGASTINA suwung tanpa Ratu. Kersa nata sageda KURUPATI kang dadi Ratu, pramila saking akale SUMAN (SAKUNI) PANDHAWA badhe kaloropaken mring JALATUNDHA mawi api-api KRATON badhe dipun suceni. Bidhal.

2. NGASTINA
a. WAYANG
KUNTHI, PUNTADEWA, SENA, PAMADI, KEMBAR, PONAKAWAN, SAKUNI, KURAWA.
b. GINEM
Bab sasedanipun PANDHU. SAKUNI lan KRAWA dhateng ngaturi KUNTHI lan putra-putra supados dumunung neng JALATUNDHA rumiyin perlu KRATON badhe dipun suceni. Sulayaning rembag SENO nesu dados prang, KURAWA kasor mundur. KUNTHI lan putra-putra ugi bidhal mring JALATUNDHA, badhe nyatakaken gya budhal. KURAWA sumerep kaju munjuk DESTARATA. Sigeg.

3. JALATUNDHA
a. WAYANG
NAGA GOMBANG, KUNTHI, PANDHAWA
b. GINEM
NAGA GOMBANG remen nedha tiyang mila kondhang gawatipun. KUNTHI lan PUNTADEWA, KEMBAR mlebet. Dupi pirsa NAGA ngewel laju medal. PAMADI nesu gya ngunus dhuwung NAGA GOMBANG lagi tapa sinuduk gulune pejah (Suksma ngancam badhe males benjing BRATAYYDA nitis HARDAWALIKA). KUNTHI lan Putra-putra kondur mring SAPTAHARGA.

4. GAJAH OYA
a. WAYANG
DESTARASTRA, SAKUNI, KURAWA
b. GINEM
DESTARATA nampi SAKUNI lan putra-putra KURUPATI kinen nyuwun cupu manik isi lisah tala dhateng ABIASA, bidhal kanthi SAKUNI.

5. SAPTARGA
a. WAYANG
ABIASA, CANTRIK, KURUPATI, KURAWA, KUNTHI, PANDHAWA
b. GINEM
ABIASA lan CANTRIK ngudaraos bab para putra wayah. KURUPATI dhateng perlu nyuwun lisah tala ABIASA ing batos tan rila. KURUPATI namung dipun apusi kemawon. SAKUNI neng jawi dhawuh kinen mendhet awit pinundhi ing serban. KURUPATI tan saronta ABIASA den banting klenger cupu kapendhet KURUPATI mlajar. ABIASA glangsaaaran. KUNTHI lan PANDHAWA dhateng, ABIASA sajarwa. SENO nututi perang lan KURUPATI perang KURUPATI bablas umpetan SENO ketilapan. ABIASA laju arsa nututi lan wayah-awayah sarana remit.

6. GAJAH OYA
a. WAYANG
DESTARASTRA, KURU[ATI, SAKUNI, ABIASA, KURUPATI, KARTAMARMA, PANDHAWA, DURSASANA, PETRUK
b. GINEM
DESTARATA nampi lisah tala saking KURUPATI, SAKUNI. Laju para putra kadhwuhan adus kramas dhateng JAMPUNA, gya bidhal.
ABIASA hateng api-api dados SAKUNI, SENA: KURUPATI, PAMADI : KARTAMARMA, PETRUK : DURSASANA. Dinangu angenipun sami adus punapi pun cekap winangsulan sampun. Lisah tala pinaringaken SENGKUNI (Kersanipun DESTARATA boten ngertos yen ABIASA). Wus tinampi de sang ABIASA laju dipun borehaken dhateng PANDHAWA. ABIASA laju ngendika: heh DESTARATA sira cidra, wruhanana ingsun wong tuwanira, muga-muga anakmu tembe bakal antuk siku, wit wani milara marang ingsun. ABIASA kesah, sang DIPATI muwun, wasana ing cipta badhe mejahi SENO mawi aji GUMBALA GENI. SENO dipun undang, SENO nyelaki mbeta genthong. Sareng kagrayang genthong sumyur. DESTARATA sumbar laju dipun leh-lehaken, DESTARASTRA laju tinilar kesah. Wusana SAKUNI lanKURAWA mantuk winedhar bilih kenging akale PANDHAWA. KURAWA nututi dados prang lan PANDAWA rebatan cupu. Cupu dipun cepeng SENA kakroyok cupu binuwang kecemplung sumur gumuling sadaya tan saged mendhet KURUPATI utusan SAKUNI pados pendhita, PANDHAWA dhawuh PETRUK bidhal.

7. NGATASANGIN
a. WAYANG
Prb. BARATWAJA (BARATMADYA) Putra R. KUMBAYANA, JARAN, WILUTAMA, ASWATAMA, KREPA
b. GINEM
Sang nata ngalang-alangi KUMBAYANA anggenipun badhe mencaraken kesagedan awit badhe kadadoskaen ratu. KUMBAYANA nekat, sulayaning rembag KUMBAYANA tinundhung. KUMBAYANA badhe dhateng tanah Jawi, bidhal kepengkok samudra.KUMBAYANA tan saged nyabrang awit jer mabur katempuh angin dhawah gisik (rambah-rambah), laju prasapa: sapa sing bisa nyabrangaken badhe kagarwa, yen priya den aku kadang. Wusana ana Jaran sembrani estri nyedhaki. KUMBAYANA tanggap laju nitih sareng dumugi tengah samudra gya sinanggama. Gancanging carios wus dumugi ing gisik kocap lami sanget kapal anut sang kusuma, dangu-dangu kapal katingal wawrat. KUMBAYANA lingsem, kapal dipun panah babar TILUTAMA lan bayi. TILUTAMA muksa bayi tinilar, KUMBAYANA tansah momong bayi tinengeran ASWATAMA (kalebu jaran). Lampahe KUMBAYANA kepanggih KREPA nyraya kinen nyirnakaken sawer, ganjaranipun putri. KUMBAYANA sagah.

8. TEMPURU
a. WAYANG
Pr. PURAGAJI lan Putri KREPI, KUMBAYANA, KREPA, Pr. NAGARAJA, Pth. NABATNAWA
b. GINEM
Pr. PURAGAJI lan Putri KREPI nampi KUMBAYANA lan KREPA. KUMBAYANA pinsrahan mejahi ula sagah. ASWATAMA tinilar. Naga-naga barisan, Prb. NAGARAJA, Pth. NABATNAWA saking praja .... wus pinarjaya. KUMBAYANA dhaupan. Sareng sawatawis dangu KUMBAYANA badhe madosi mitranipun nama SUCITRA linilan bidhal. Wasana KREPI nututi lan ASWATAMA (bayi) bidhal.

9. CEMPALA
a. WAYANG
Prb. SUCITRA, GANDAMANA, Pth. TUHUKETHU.
b. GINEM
Sang nata gantos asma DRUPADA kadhawuhan nggiyaraken sinten kang nyebat DRUPADA mawi asmani lami badhe winasesa. GANDAMANA bidhal. Lampahe KUMBAYANA kapanggih GANDAMANA. KUMBAYANA taken pundi dununge SUCITRA den emutaken sulayaning rembag dados prang. KUMBAYANA den dadah risak dados awon laju kesah dumugi ing SOKALIMA laju madeg Pandhita, kocap kondhang sanget. KREPI lan ASWATAMA nusul tangisan. SAKUNI dhateng nembe jagongan, PETRUK dhateng trus nyeret DRUNA. Oyak-oyakan lan SAKUNI.

10. CANDHAKAN
a. WAYANG
PANDHAWA, KURAWA, SAKUNI, PETRUK, DRUNA
b. GINEM
PANDHAWA lan KURAWA nengga sumur. DURNA dhateng pinasrahan mendhet cupu. KUMBAYANA ngedalajen HARIAS SENGKALI kinen mendhet. H. SENGKALI wangsul nglenthung. Sareng makaten sami trimah namung DRUNA dados lintu rebatan. DRUNA gadhah sayembara, sapa bisa ngaturake GANDAMANA tak eloni. Sami bidhal.

11. PABARATAN
a. WAYANG
GANDAMANA, KURAWA, SENO
b. GINEM
GANDAMANA mapagaken KURAWA kasor, SENA dhateng waleh yen anak PANDHU. GANDAMANA nurut tan suwala gya katur DRUNA badhe pinejahan. DRUPADA dhateng mundhut GANDAMANA paring dhukuh SOKALIMA lan pewedale, DRUNA trimah. DRUPADA lan GANDAMANA mantuk DRUNA meksa dados rebatan. DRUNA dhawuh malih sapa sing bisa gawe kali dhisik dene sing metu banyune diiloni. Wasana KURAWA damel winastan SERAYU. BRATASEBA damel mawi nggarit kuku winastan CING-CING GOLING dadosipun sareng. DRUNA dhawuh saiki ditimbang sing abot tak iloni. Wus sami mapan: KURAWA awrat sanged, PANDHAWA nembe 4. SENA dhateng gandheng Traju sanget inggil. SENA mencolot traju kang den tumpaki KURAWA kontal. Kathahipun KURAWA kang dumugi sabrang wonten 11. Meksa sulaya bab DRUNA. DRUNA nyapih melu KURAWA. PAMADI dipun paringi ARINA SENGKALI (panah manuk) lan cupu dipun wangsulaken PANDHAWA.

LAKON WAYANG BREMONO BREMANI VERSI JOMBOR

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


BREMONO BREMANI

1. KAHYANGAN
a. WAYANG
GURU, NARADA, ENDRA
b. GINEM
Kangge nurunaken trah dewa ing ngarcapada murih saged wonten titah ingkang murni. BRAMA kinen besanan kaliyan WISNU. BRAMA kinen dhawuhaken putranipun, NARADA kinen mring NGUNTARASEGARA, bidhal.

2. MENDHANGGILI
a. WAYANG
Prb. PULAGRA, Pth. KALADARU
b. GINEM
Sang nata kedanan putra WISNU dewi SRI UNON utusan KALADARU, bidhal.

3. NGUNTARASEGARA
a. WAYANG
WISNU, SRI GATI, SABDABOJA, ARNA PUTRA, NARADA, KALADARU
b. GINEM
WISNU putra SRIGATI SABDABOJA, ARNAPUTRA. NARADA rawuh dhawuhaken supados bebesanan kaliyan BRAMA, WISNU sagah. Kasaru KALADARU dhateng tinanggulang SRIGATI kasor. SRIGATI laju mnangsuli tembung manis kanthi sumados ngentosi dhawuhing WISNU lan ana sanggrahan ing daratan.

4. GILINGWESI
a. WAYANG
BREMANA, BREMANI, PUNAKAWAN
b. GINEM
Bab tata praja karawuhan BRAMA nantun putra BREMANA supados krama nanging tan kersa. Laju BREMANI katantun sagah, gya kakanthi mring NGUNTARAKANDHA. BRAMA ngrumiyini lampah prang SEKAAR.

5. NGUNTARASEGARA
a. WAYANG
WISNU,, SRI GATI, BREMANA, BREMANI
b. GINEM
WISNU nampi ature SRI GATI bilih tan saged ngunduraken mengsah. BREMANA lan Bambang BREMANI dhateng supados kadhaupaken kaliyan UNON. WISNU dhawuh ngunduraken KALADARU rumiyin. Bidhal.

6. PAPRANGAN
a. WAYANG
KALADARU, KALAPULASIYA, PULASTA, BREMANI, SRI UNON,WISNU, BRAHMA
b. GINEM
KALADARU, KALA PULASIYA, PULASTA tinempuh BREMANI KALADARU kasor mlajar. BREMANI laju kadhaupaken kaliyan SRI UNON (kocap sareng sampun nggarbini laju boyongan dhateng GILINGWESI).

7. MEDANG GILI
a. WAYANG
Prb. PULAGRA, KALADARU
b. GINEM
Prabu PULAGRA nampi ature KALADARU, gya nglurug mring NGUNTARASEGARA.



8. GILIGNWESI
a. WAYANG
BREMANA, BREMANI, SRI UNON
b. GINEM
BREMANA, nampi BREMANI, SRI UNON sami ngabekti raka. (BREMANA ing batos kedanan SRI UNON, SRI UNON ugi kasmaran ananging gandheng taksih mbobot mila namung dipun endhem). BREMANI wus uninga laju mring NGUNTARASEGARA lan garwa.

9. NGUNTARASEGARA
a. WAYANG
WISNU, BRAMA, BREMANI, SRI UNON, PARIKENAN
b. GINEM
WISNU, BRAMA nampi sowanipun BREMANI lan SRI UNON laju babaran mijil priya tinengeran PAREKENAN. BREMANI laju pasrah SRI UNON awit tan saged momong, supados kadhaupaken kaliyan BREMANA, dene BREMANI badhe tapa putra neng SAPTARGA bidhal. BRAMA gya nimbali BREMANA laju kadhaupaken kaliyan SRI UNON. Mengsah dhateng PULOGRA pinarjaya dening BREMANA. AMUK-AMUKAN.

LAKON WAYANG BONDHAN VERSI JOMBOR

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. NGASTINA
a. WAYANG
SUYUDANAM DRUNA, SAKUNI
b. GINEM
Ing NGASTINA kathah tiyang ketempelan dhawuhing dewa kinen nyingkiraken gadane SENA kang kantun ing alun-alun. Bibaran.

2. KEDHATON
a. WAYANG
BANOWATI, KEMBAR, SUYUDANA
b. GINEM
BANUWATI lan KEMBAR mentas angon bebek lan menda. KEMBAR kadhawuhan neda neng wingking, mundur. SUYUDANA rawuh, dupi pirsa KEMBAR nembe nedha, SUYUDANA nesu dhateng BANOWATI (dados pabenan). BANUWATI ngesahi, SUYUDANA nyelaki KEMBAR laju kapala. SADEWA ingkang nembe nedha, badhe tinempiling endha. SUYUDANA dipun kepruk balung menda, SUYUDANA mburu KEMBAR, minggat (KEMBAR taksih PINTEN TANGSEN).

3. PASOWANAN
a. WAYANG
KURAWA, SAKUNI
b. GINEM
KURAWA tata-tata badhe buang gada bidhal sareng badhe ginotong gada sadeg ngglundhung kathah KURAWA kacilakan. SAKUNI pados sraya.

4. SAPTARGA
a. WAYANG
ABIASA, PAMADI PANAKAWAN
b. GINEM
PAMADI nyarawedekaken kang sirna (BRATASENA, PUNTADEWA, sampun DARMAKUSUMA). Dene KEMBAR ugi sirna. Winarah sade injet neng laladan NGASTINA. (dados marginipun kepanggih) lan kinen dados lare estri nama End. PENGASIH, bidhal. Prang wanan (BUTA ALASAN).

5. BONOKELING
a. WAYANG
JAYADRATA, DURSALAH
b. GINEM
JAYADRATA lan DURSALAH ginem badhe ningali gada lan mapir tumbas injet.

6. PADHUKUHAN SIDALUHUR
a. WAYANG
End. PENGASIH, PUNAKAWAN, DURSILAWATI, JAYADRATA
b. GIENEM
End. PENGASIH lan PANAKAWAN sami sade injet, kocap ngantos laris. DURSILAWATI dhateng tumbas inket kapurih mlebet, gebangan. JAYADRATA ngentosi neng jawi dangu, laju madosi. Sulayaning rembag dados prang, JAYADRATA kasor garwa linarak, arsa wadul raka.

7. SAPTABUMI
a. WAYANG
ONTOBOGA, BIMASENA, NAGAGINI, KURAWA, DARMAKUSUMA, KEMBAR
b. GINEM
ONTOBOGA lan BIMASENA, NAGAGINI kocap AMARTA dipun rampog KURAWA. DARMA KUSUMA ginunjara saha KEMBAR, PAMADI kesah BRATASENA kacemplungaken sumur gumuling. BRATASENA pamit badhe mendhet gadanipun keri neng ASTINA lan badhe madosi kadang-kadangipun, linilan. SENO kadadosaken alit nama BONDHAN PAKSAJANDU, bidhal. Lampahe kapanggih SAKUNI kasraya mindhah gada, sinagahan, bidhal

8. NGESTINA
a. WAYANG
SUYUDANA, DRUNA, SAKNI, BONDHAN
b. GINEM
SUYUDANA, DRUNA nampi SAKUNI lan BONDHAN. BONDHAN pinasrahan mindhah gada, menawi saged badhe ginanjar praja, bidhal. Gada den angkat gampil laju den obat-abitaken wasana kangge ngamuk, KURAWA mawut. BONDHAN laju nyelaki gedhong waja ginada pecah. DARMAKUSUMA neng kono (sareng pecahing gedhong SENA babar laju kagendhong madosi PAMADI.

9. PAMADI tinampi KEMBAR BRATASENA dulang DARMAKUSUMA wus samu sajarwa KURAWA ngamuk. AMUK-AMUKAN

LAKON WAYANG BILAWA VERSI JOMBOR

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. WIRATHA
a. WAYANG
Prb. MATSWAPATI, garwa REKATHAWATI, SETA, UTARA, WRATSANGKA, Pth. NIRBITA, Ary. BISAMA, BILAWA, BIRAWA, KENCAKA
b. GINEM
Sang nata dhahat sungkawa menggalih KENCAKA dene katingal anggenipun badhe ngrebahaken praja. KENCAKA sowan nyuwun aben sawung pun RAJAMALA dipun dipun paringana tandhing sinagahan. SETA kautus mring pejagalan bidhal.

2. PEJAGALAN
a. WAYANG
WELAKAS, DWIJAKANGKAN, TANTRIPALA, DARMAJATISETA, ABILAWA
b. GINEM
WELAKAS lan DWIJAKANGKA TANTRIPALA, DARMAJANTI. GINEM: ABILAWA dangu tan mantuk anggenipun pados maesa. SETA dhateng medharaken kersane madosi ABILAWA laju den upaya kepanggih neng wana ABILAWA tilem. Ginugah sami kedrawasan sinampluk kedhupak. WELAKAS atur dhateng SETA kinen mbubut wlu cumbune, gya binubut. ABILAWA tangi, para prajurit sami kapala. SETA cinandhak badhe kabanting rinapu de sang DWIJANGKA, SETA prasaja, ABILAWA sagah bidhal.

3. SAPTAHARGA
a. WAYANG
ABIASA, WREHATNALA, PUNAKAWAN, MAHADEWA.


b. GINEM
WREHATNALA munjuk bab luwaring bebaya winedhar kinen mring alun-alun ningali aben-abenan sawung, mundur. Prang Wanan babar MAHADEWA paring BRAMASTRA kinen nyemplungaken ing sendhang putri margane ABILAWA saged unggul.

4. WIRATHA
a. WAYANG
MATSWAPATI, ABILAWA, SETA, KENCAKA, RAJAMALA, WREHATNALA
b. GINEM
MATSWAPATI nampi ABILAWA lan SETA laju nimbali KENCAKA golonging rembag laju di edu tohipun wiwit arta ngantos loh praja. Purun dhawahi dedamel dhateng SENA lajeng pinarjaya . RAJAMALA cinemplungaken sendhang saged gesang (rambah-rambah). Lampahe WREHATNALA wus dumugi ing sendhang putri. BRAMASTRA kacemplungaken sendhang wasana RAJAMALA sareng kacemplungaken mrotok. KINCAKA nebsu SENA kuburu-buru. Kesaputing dalu KENCAKA kondur kanthi sisah.

5. KEDHATON
a. WAYANG
UTARI, MALINI
b. GINEM
UTARI utusan niken MALINI konen ngaturaken ganten dhateng KENCAKA. Bidhalan kabektanan serat.

6. KATUTULAN
a. WAYANG
KENCAKA, RUPAKENCA, MALINI, WREHARTNALA, BILAWA
b. GINEM
KENCAKA lan rayi RUPAKENCA ginem sapejahe JINUTA. MALINI sowan ngaturaken ganten la serat. Wasana KINCAKA kedanan MALINI badhe karuda lumajar binuru. MALINI kepanggih WREHATNALA pasrah. MALINI dhelik, KINCAKA semerep WREHATNALA winastan MALINI ginujer dados prang. WREHATNALA mlajar kepanggih BILAWA taken wus sajarwa. BILAWA duka api-api dados gandarwa bojon MALINI. KENCAKA dipun celaki laju dipun banting pejah (wanci dalu). RUPAKENA madosi raka. BILAWA kaget tinarka KENCAKA gesang pun. RUPAKENCA cinandhak dipun sabet-sabetaken pejeh ajur. Sareng enjing wonten prajurit sumerep bangkene sang seda kekalih lapur.

7. WIRATHA
a. WAYANG
MATSWAPATI, BILAWA, DIWJAKANGKA, WREHATNALA, TANTRIPALA, DARMAGATI, MALINI
b. GINEM
MATSSWAPATI nampi aturing prajurit duka titikan pun BILAWA kang mejahi laju sami tinimbalan sadaya.DWIJAKANGKA, BILAWA, WREHATNALA, TANNTRIPALA, DARMAGANTI, MALINI wus mangarsa. Dinawuhan ukum pejah sami sagah, nanging nyuwun pamit badhe sesaji. (kacaros sareng sampun sesuci laju ngrasuk busanane nguni laju kawistara bilih para PANDHAWA). MATSWAPATI dupi pirsa para PANDHAWA laju nuwun lan den aksama. Laju pinaringan wana AMERTA. PANDHAWA bidhal badhe babad. Tancep kayon.

LAKON WAYANG BALE SIGALA-GALA VERSI JOMBOR

Jumat, 27 Agustus 2010

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


(BIMA SENA DHAUP NAGAINI)

1. NGASTINA
a. WAYANG
DESTARATA, DRUNA, SAKUNI, KURUPATI
b. GINEM
Kersane DESTARATA ngastina badhe kapalih kalian PANDHAWA laju utusan YAMAWIDURA bidhal nimbali PANDHAWA. SAKUNI rekadaya badhe mejahi PANDHAWA, laju damel papan neng WANARAWATA bale damar.

2. EKACAKRA
a. WAYANG
Prb. BAKA rayi R. KIRMINA.
b. GINEM
Sang nata dangu tan dhahar ulam manungsa mangka ing punika kang kedah atur manungsa JRAPA lan IRAWAN. Laju utusan kinen mundhut. Gagal.

3. SAPTARGA
a. WAYANG
ABIYASA, PANDHAWA, KUNTHI, PUNAKAWAN, YAMAWIDURA.
b. GINEM
Para PANDHAWA ing raos tansah kumesar. YAMAWIDURA dhateng nimbali PANDHAWA, bidhaL. KUNTHI tumut, sekar.

4. NGASTINA
a. WAYANG
DESTARASTRA, KUNTHI, PANDHAWA, KURUPATI lan KURAWA, PURUCANA, YAMAWIDURA, KANONA
b. GINEM
DESTARATA nampi sowaning KUNTHI lan putra-putrane gya pinaringan papan neng WANARAWATA. Bidhal.
KURUPATI matah abdi pun PURUCANA kinen njagi manowa PANDHAWA sampun tilem kapurih ngobong pangkat.
YAMAWIDURA mulat laju nimbali andi nama KANONA kinen damel rong neng andha bale anjog ing sumur gumuling. Bidhal.

5. WANARAWATA
a. WAYANG
KURAWA, PANDHAWA, GARANGAN, KANONA, PURANCANA, BIKSUNI lan putra-putra, DESTARASTRA.
b. GINEM
KURAWA nedha eca kaliyan PANDHAWA laju sami lerem, KURAWA medal tata-tata wonten biksuni pun NISADI an anakipun 5, sami bingah nyuwun dhaharan para PANDHAWA laju sami lerem (sare). Sareng PAMDHAWA sare namung SENA kang tan saree angsal wangsit kinen anut lampahe garangan pethak awit badhe wonten bebaya wasana KURAWA ngobong bale. KUNTHI lan Putra-putra rinangkut SENA naut garangan mlebnet rong damelanipun KANANA. PURANCANA kang tengga pintu kobong, biksuni lan anak-anakipun pejah dadi areng dinakwa PANDHAWA laju den aturaken DESTARATA nuwun dhawuh kinen ngrukti.

6. SAPTAPRATALA
a. WAYANG
PANDHAWA, KUNTHI, ABABTOBOGA, NAGAGINI, PUNAKAWAN.
b. GINEM
Lampahe PANDHAWA dumugi SAPTAPRATALA tinampi ANTABOGA. SENO kadhaupaken kaliyan NAGAGINI (mawi banyol SENA ngungrum ngobat-abitaken NAGAGINI. PETRUK wadul kecekik). KUNTHI lan putra-putra dinawuhan wangsul dhateng ARCAPADA, laju den damu dhawah ing wana. Wasana PINTEN TANGSEN sami luwe, PAMADI lan SENA kinen pados dhaharan bidhal,

CANDHAKAN Niken GARENDI mususi neng sendhang dipun celaki PAMADI. Dupi smerep laju mlajar ngrungkebi garwa ingkang dereng atut nama SAGITRA ing dhukuh MEDHANG SURUKAN. Raosing Mara sepuhipun SAGOTRA bingah. GARENDI wadul SAGOTRA, SAGOTRA api-api nebsu. GARENDI kinen masak-masak. PAMADI dhateng waleh badhe mundhut sekul den caosi. SAGOTRA saha sagah dados tawuring BRATAYUDA lan maturnuwun dene dipun atutaken. PAMADI mundur.

7. EKACAKRA
a. WAYANG
BAKA, R. KIRMIRA
b. GINEM
BAKA lan R. KIRMIRA nampi wadul pejahing prajurit, bidhal mring NGARGAMANIK.

8. NGARGAMANIK
a. WAYANG
Beg. JRAPA, IRAWAN, SENO, BAKA, KIRMIRA
b. GINEM
Beg. JRAPA lan IRAWAN malayu kapangih SENA dinangu waleh SENA sagah mejahi BAKA nanging mundhut sekul sinagahan SENA den areh rumiyin laju den aturaken baka badhe nedha tan saged dados prang BAKA pejah. KIRMIRA mantuk.

9. WANA
a. WAYANG
KUNTHI, PUNTADEWA, KEMBAR, SEMAR lan PAMADI, BRAMA
b. GINEM
KUNTHI, PUNTADEWA, KEMBAR, SEMAR lan PAMADI lan SENO dhateng laju nedha (bagean PAMADI dipun tedha KUNTHI lan putra-putra, bagean SENA dipun teda SENA lan PUNAKAWAN). Wasana sareng bibar nedha sami ngelak. Laju sami ngombe ing tlaga, wasana sami pejah. SEMAR nesu tlaga laju dipun tawu babar BRAMA dhawuh kinen suwita mring WIRATHA. PANDHAWA wus sami waluya, bidhal. AMUK-AMUKAN KECERAN BALA EKACAKRA.

LAKON WAYANG BABAD ALAS VERSI JOMBOR

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.

1. WIRATHA
a. TOKOH :
Prb. MATSWAPATI, R. SETA, UTARA, WRATSANGKA, Pth. NIRBITA, Ary. BISANA, BILAWA, BIRAWA.
b. GINEM :
Para PANDHAWA badhe babad pramila laju utusan para putra lan Arya tetiga kasebat kadhawuhan biyantu, bidhal. Dene menawi sampun rampung kadhawuhan munjuk. (Garwa nata REKATHAWATI).

2. PRINGGODANI
a. WAYANG
Prb. HIDHIMBA, lan rayi- rayi : R. PRABAKEESA, BRAJADHENTA, BRAJALAMATAN BRAJAMUSTHI, KALA BENDANA.
b. GINEM : ARIMBI kesah utusan wadya kinen madosi bidhal gagal.

3. SAPTARGA
a. WAYANG
ABIASA, PREMADI, PUNAKAWAN
b. GINEM :
PREMADI, PUNAKAWAN nyuwun pangestu prekawis PANDHAWA badhe babad. Samangke sampun mesanggrahan. Mundur, sekar.

4. PRINGGODANI
Sang nata yaksa nampi wadul para danawa sami pejah. KALABENDANA dinukta madosi, bidhal.

5. SAPTAPRATALA.
a. WAYANG
ONTOBOGA, NAGAGINI
b. GINEM :
NAGAGINI badhe nusul SENA mring wana Marta, gya den eteraken. Bidhal.

6. PESANGGRAHA wana MARTA
a. WAYANG
PANDHAWA, R. SETA lan ANANTABOGA, NAGA GINI.
b. GINEM :
para PANDHAWA nampi R. SETA lan ANANTABOGA. NAGAGINI. PAMADI dhateng laju wiwit babad alas. SENA tumandang sarana rikat.

7. WANA
ARIMBI sisah kedhatengan KALABENDANA ngajak mantuk ARIMBI tan purun laju madosi SENA awit sampun babad. (KALABENDANA ngulati). ARIMBI sareng sumerep SENA gya mrepegi trus ngrangkul wentis SENA. SENA kami gilanen, ARIMBI den tendhangi nanging tansah binuru. SENA ngoncai ARIMBI nungka kepanggih PUNTADEWA dinangu wus sajarwa ARIMBI kadadosaken kenya ayu, SENA tinimbalan. Sareng SENA sumerep, kedanan. ARIMBI purun nanging kinen nembung HIDHIMBA. ARIMBI gya mantuk lan KALABENDANA. SENA nututi HIDIMBI.

8. PRINGGONDANI
a. WAYANG
HIDHIMBA lan rayi-rayi dhatenging ARIMBI
b. GINEM :
HIDHIMBA lan rayi-rayi dhatenging ARIMBI sajarwa. SENA dhateng nembung. HIDHIMBI tan angsal. Angsal menawi saged ngasoraken dados prang. HIDIMBA meh kasor mbedhol panggung kineprukaken SENA tan pasrah. HIDHIMBA pejah de sang BIMA. ARIMBI kagarwa praja kapasrahaken para kadang. SENA wangsul.



9. WANA AMERTA
Wus rampung denira babad klempakan PANDHAWA pepak. ANTABOGA, NAGAGINI, ABIASA, KUNTHI, MATSWAPATI laju muja kraton. SEMAR kang muja nama KENCANAPURA. PUNTADEWA kadadosaken Ratu (Dereng tetepan). Tancep kayon.

LAKON WAYANG SRI MULIH VERSI JOMBOR

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.

SRI MULIH WIRATHA

1. WIRATHA
a. WAYANG :
Prabu MATSWAPATI (garwa REKATHAWATI) putra R. SETA, UTARA, WRATSANGKA, Pth. NIRBITA Ar. BISAMA, BIRAWA.
b. GINEM :
Angsal wangsit kinen maadosi dewi SRI, SETA den utus kinen pasrah raka prabu WYASA.

2. GUWAREJENG
Prb. SURYAKUMALA lan rayi bata GUWAOUITA Prb, SASRADEWA, Pth. BAUDHENDHE. GINEM sang nata angsal wangsit prajane kang rengka sagedipun waluya kinen madosi Batari SRI. Kersa nata badhe kagarwa pisan, utusan wadya nglamar ring PRATALARETNA, bidhal. Gagal.

3. ASTINA
PRABU WYASA, Pth, JAYAPRAYITNA, Pth. DUMA, BANDUWANGKA, SULIKSA, PANAKAWAN..
GINEM : anggenipun dados ratu nggentosi putra SANTANU. R. SETA sowan pasrah bab dewi SRI, WYASA sagah madosi bidhal sekar.

4. SAPTAPRATALA
ANANTABOGA utusan putra NAGATATMALA kinen nulungi WYASA lan nyirnakaken SURYAKUSUMA bidhal kapanggih WYASAA laju nglajengaken lampah.

5. PRATARETNA
Prb. DARMASARA, Pth. JAYALEGAWA (Garwa nata DARMASTUTI) nampi WYASA lan NAGATATMALA perlu badhe boyong SRI LAJU KAIRID RING KEDHATON.

6. KEDHATON
SRI kadhep DARMASTUTI putra DARMARINI nampu sang nata DARMASTUTI putra NAGATATMALA perlu nyuwun SRI badhe kaboyong. SRI sagah nanging NAGATATNALA kadhaupaken angsal DARMARINI lan kadhawuhan nyuwun idin R. SADANA den tantuni tan rila slayaning rembag dados prang SADANA jinemparing tebuwulung kabur dhawah KELING laju kaboyong.

7. GUWAREJENG
Nampi wadul laju nglurug ring WIRATHA

8. WIRATAHA
MATSWAPATI nampi Bathari SRI saking WYASA, NAGATATMALA laju dhatengipun mengsah SURYAKUMALA ngmuk wadya-wadya kalah. SURYAKUMALA pinarjaya denign ANGATATMALA, SASRADEWA denign WIYASA. AMUK-AMUKAN.

WANDA

Kamis, 26 Agustus 2010

WANDA WAYANG PURWA

Wanda = wujud = rupa = ciri
Ingkang dipun wastani ciri punika sanes cacad, nanging titikan. 
Wanda wayang punika tuwuhipun saking prenthuling manah, ingkang saperlu kangge anjumbuhaken kaliyan kabetahan cak pakeliran.

Tuladha :
1. Werkudara ngadhep Darmakusuma mawi Werkudara wanda lindhu.
2. Werkudara pinuju perang, mawi Werkudara wanda lintang.
3. Kresna, Werkudara, Gathutkaca, Gembleng punika kaginakaken ing pathet enem tuwin pathet sanga.
4. Kresna, Werkudara, Gathutkaca cemeng/ ireng namung kaginakaken ing pathet manyura wanci dalu.

Sedaya punika awit (1) kangge nyocokaken antawacana kalian raos gathukin kaliyaan wanda (2) ing kawruh pedalangan, babagan pathet Antawecana, Wanda, Raos punika boten saged dipun pisahaken. Dene leregipun ugi nyaut dateng cak pakeliran.
Boten sadaya wayang punika gadhah wanda, nanging namung wayang-wayang ingkang gadhah lelampahan mawarni-warni.
Ewa semanten ugi wonten wayang ingkang wandanipun namung nunut.
Kadosta : Tuhuwasesa, Antareja, Gandamana, Wisatha, Durpada,
umbina, Rumara lsp.

Dene caranipun nitik wanda wayang punika kedah mirsani :
1. Praupan / rainipun wayang.
2. Piyadeging wayang
3. Pawakanipun
4. prabot / ageman / sandangan
5. Ciri-ciri ingkan gumathok
6. Garis-garis corekan
7. Sunggingan

1. PRAUPAN
a. Langak, tumungkul, utawi tumanduk.
b. Wiyar ciyuting praupan
c. Bedhahanipun.
Ingkang dipun wastani BEDHAHAN inggih punika mripat jahit/ bleles.

2. PIYADEG
a. Jejeg / nrayung / ndoyok.
b. Pacak suku Suku ngajeng pajeg / jojoh / nyuthat.
c. Suku wingking : pajeg / mancad.
d. Taneping gulu : sumende / rebah / rebah sanget.
e. Pundhak : siku (lempeng) / mlesed / jinggring / mikul.

3. PAWAKAN katitik saking :
a. Lemu / kuru / sedeng
b. Kendho / singset / ramping

4. PRABOT katitik saking :
a. Makutha : andhap / Inggil / ageng / alit / sedeng.
b. Praba : lantas / ngongkleh
c. Gelung : buweng / jinggring / leleh / kepu / ramping.
d. Sondher : Singset / kendho.

5. SUNGGINGAN katitik saking :
a. Cocok kaliyan wandane menapa boten.
b. Mapanipun / lenggahipun.
Umpaminipun :
- Jarik parangrusak kangge Togog lan Bilung, punika boten mapan.
- Gathotkaca dodotipun kawung, punika ugi boten mapan.
- Kresna wanda Rondon dipun awak-awaki ireng, punika ugi boten leres.

6. COREKAN katitik saking :
Garis-gars ingkang maton.
Umpaminipun : garis pucuk irung boten sipat kaiyan pucuk driji.
Suku ngajeng (tumrap wayang dugangan).
Kangge wayang bokongan (Janaka) pucuk pundak ngajeng sipat kaliyan pucuk driji suku ngajeng.

WANDA PUNAKAWAN

WANDA SEMAR

Semar mempunyai wanda :
a. Dhukun
b. Ginuk
c. Brebes
d. Jenggleng
e. Mendhung
f. Mega
g. Wedhon
h. Dublong
i. Lengek

a. SEMAR WANDA DHUKUN
Yasan : Sultan Aging Anyakrakusuma
Tahun : 1563
Ciri-ciri
Praupan  : Longok
Pasuryan : Semu bunder
Gulu     : Panajng
Piyadeg  : Angrong

b. SEMAR WANDA GINUK
Yasan : P. B. II
Tahun : 1965

Ciri-ciri
Praupan : Tumanduk
Gulu    : Cekal
Badan   : Dengklak
Polatan : Peteeng
Adeg    : Pajeg

c. SEMAR WANDA BREBES
Yasan : Sultan Agung anyakrakusuma
Tahun : 1563
Ciri-ciri :
Praupan  : Longok
Pasuryan : Lonjong
Sirah    : Brenjul
Piyadeg  : Degeg
Weteng   : Ageng
Suku     : Gathuk

d. SEMAR WANDA JENGGLENG
Ciri-cirinipun
Praupan  : Longok sanget
Tutuk    : Wiyar
Gulu     : Landhung
Pawakan  : Degeg
Suku     : Panjang
Bokong   : Munjuk

e. SEMAR WANDA MENDHUNG
Yasan : P.B. II
Tahun : 1655
Ciri-cirinipun :

f. SEMAR WANDA MEGA
Yasan : P.B. II
Tahun : 1655
Ciri:
Praupan  : Nglenger
Praenan  : Ciyut
Tutuk    : Nyumlik
Sirah    : Brenjul
Weteng   : Ageng
Sarung   : Nancut, bokong katingal

g. SEMAR WANDA WEDHON
Yasan : P.B. II
Tahun : 1655
Ciri-cirinipun :
Praupan  : Radi nglenger
Praenan  : Ciyut semu bunder
Sirah    : Alit
Gulu     : Radi landhung
Weteng   : Ageng mlotrok
Bokongan : Nancut
Tangan   : Keplok

h. SEMAR WANDA DUBLONG
Yasan : P.B. II
Tahun : 1655
Ciri-cirinipun :
Caket kaliyan Ginuk namung radi dhungkluk

i. SEMAR WANDA LENGEK

Yasan : P.B. II
Tahun : 1655
Ciri-cirinipun :
Ciri lan yasan dereng kasumerepanmiturut nami sajakipun caket kaliyan jenggleng

WANDA GARENG
Gadhan wanda :
a. Wregul
b. Gandrung
c. Gembor
d. Kancil

a. GARENG WANDA WREGUL
Yasan
Tahun
Ciri :
Praupan : Sedeng
Gulu    : Sengkek
Badan   : Sedeng
Piyadeg : Jejeg

b. GARENG WANDA GANDRUNG
Yasan
Tahun
Ciri-ciri
Praupan : Tumanduk
Gulu    : Manglung
Badan   : Alit
Piyadeg : sangkuk

c. GARENG WANDA GEMBOR
Yasan : P. B. II
Tahun : 1655
Ciri :
Praupan : Tumungkul
Praenan : Wiyar
Gulu    : Sengkeg
Badan   : Lema keker
Bokong  : Munjuk

d. GARENG WANDA KANCIL
Yasan   : Sultan Agung Anyakrakusuma
Tahun   : 1563
Ciri-ciri
Praupan : Longok
Praenan : Gleleng/kemaki
Sirah   : Bunder
Dhadha  : Mungal
Piyadeg : dedeg
Badan   : Alit/ kuru
Weteng  : Nyemplis

WANDA PETRUK
Gadhah wanda
a. Jamblang
b. Jlegong
c. Mesem
d. Manglung
e. Gandrung
f. Bujang

a. PETRUK WANDA JAMBLANG
Yasan : P.B. II
Tahun : 1655
Ciri :
Praupan : Dengongok
Praenan : Wiyar
Sirah   : Jendhul
Mripat  : Kedhonghongan, jait
Gulu    : Ageng
Bau     : Pajeg
Piyadeg : Degeg
Badan   : Lemu
Tutuk   : Gusen

b. PETRUK WANDA JLEGONG
Yasan : Sultan Agung Anyakrakusuma
Tahun : 1562
Ciri :
Praupan : Longok
Praenan : wiyar
Mripat  : Jait
Gulu    : Ageng
Sirah   : Bunder
Pundhak : Brojol
Dhadha  : mendhelong
Weteng  : Bunder tanpa udel
Pawakan : Kendho
Prabot  : Ngoproh
Tutuk   : Gusen

c. PETRUK WANDA MESEM
Yasan : Pangeran Adipati
Tahun : 1717
Ciri :
Praupan : Longok
Gulu    : Sedeng
Pundhak : Siku/sipat
Piyadeg : Pajeg
Pawakan : Kenceng
Sirah   : Jendhul
Tutuk   : plengehan

d. PETRUK WANDA GENJONG
Ciri-ciri
Praupan : Longok sedeng
Pundhak : Pajeg
Badan   : Alit
Piyadeg : Jejeg
Prabot  : Singset
Jangkah : Sedeng

e. PETRUK WANDA MANGLUNG
Ciri-ciri
Memper kaliyan mesem namung cak gulu manglung rupanipun ketingal sanget.

f. PETRUK WANDA GANDRUNG
Ciri-ciri
Praupan : Longok seedeng
Sirah   : Radi njendhul
Pundhak : Pajeg
Dhadha  : Radi mungal
Badan   : Radi alit
Jangkah : Radi ciut
Tutul   : Tanpa gusen

WANDA BAGONG
Gadhah wanda :
a. Gembor
b. Gilut
c. Ngengkel
d. Dhemit

a. BAGONG WANDA GEMBOR
Yasan : P.B. II
Tahun : 1655
Ciri :
Praupan : Longok
Praenan : Wiyar sanget
Gulu    : Sengkek
Badan   : Lemo sanget, kendh
Piyadeg : Pajeg

b. BAGONG WANDA GILUT
Yasan   : Sultan Agung Anyakrakusuma
Tahun   : 1563
Ciri-ciri
Praupan : Tumungkul sanget
Gulu    : Sengkeg
Sirah   : Jendhul semu bunder
Irung   : Nemlikan
Piyadeg : Pajeg
Badan   : Lema kenceng, sangkuk
Nginggil bathuk sirahipun brenjol
Bokong  : Nancut

c. BAGONG WANDA NGENGKEL
Yasan : Pangeran Adipati
Tahun : 1717
Ciri-crii dereng kasumerepan

d. BAGONG WANDA DHEMIT
Ciri-ciri
Praupan : Dhungkul
Sirah   : Alit
Gulu    : Sengkel
Dhadha  : Mungal
Badan   : Alit
Piyadeg : Sangkuk sanget kados tiyang jrunthul
Irung   : Nemlikan

WANDA WAYANG BALADEWA

Wanda Baladewa ingkang saged kacathet :
a. Paripaksa    f. Jagong
b. Geger        g. jangkung
c. Kaget        h. Rangkung
d. Sembada      i. Rayung
e. Bantheng     j. Jago

a. BALADEWA WANDA PARIPAKSA
Yasan : P. B. II
Tahun : 1655
Ciri :
Praupan : Longok sedheng
Pundhak : Pajeg
Pipi    : Lonjong
Badan   : Singset. Trengginas
Piyadeg : Jejeg
Agulu   : Keker
Makutha : Sedheng.

b. BALADEWA WANDA GEGER
Yasan : Sultan Agung Anyakrakusuma
Tahun : 1563
Ciri
Prapan        : Longok tumanduk
Pasuryan      : Wiyar
Pundhak       : Mleret
Gulu          : Radi manglung
Pipi          : Lonjong
Piyadeg       : Ngrangkung
Suku wingking : Mancat
Dhadha        : Radi benjo
Prabot        : Makutha alit, prraba tekung, sarwa kendho.

c. BALADEWA WANDA KAGET
Yasan : Sunan Mangkurat ing Kartasura
Tahun : 1605
Ciri :
Praupan       : Longok sanget
Pasuryan      : Kepu
Mripat        : Jait
Gulu          : Mapak
Pundhak       : Mleret wingking
Dhadha        : Mungal bunder
Pawakan       : Dedeg, kenceng
Suku ngarep   : Nakur, jojoh
Suku buri     : Mancat
Makutha       : Alit
Brengos       : Sanggan

d. BALADEWA WANDA SEMBADA
Yasan : P. B. II
Tahun : 1655
Ciri :
Praupan       : Sedheng
Pasuryan      : Radi kepu
Pundhak       : Radi mleret
Badan         : Lema kenceng
Piyadeg       : Jejeg
Makutha       : Radi depok, Sor-soran kendho.

e. BALADEWA WANDA JAGONG
Ciri
Praupan       : Radi tumungkul
Piyadeg       : Ngrangkung sakedhik
Meh sami kaliyan Paripaksa

f. BALADEWA WANDA BANTHENG
Yasan :
Tahun :
Ciri
Poraupan      : Radi longok
Pasuryan      : Sedheng
Pundhak       : Radi mleret
Dhadha        : Mungal
Badan         : Singset
Piyadeg       : Jejeg

g. BALADEWA WANDA RANGKUNG
Yasan
Tahun
Ciri
Praupan       : Tumanduk
Piyadeg       : Sangkuk sanget
Kangge        : Lampahan Parikesit

h. BALADEWA WANDA JANGKUNG
Yasan
Tahun
Ciri
Praupan       : Radi tumungkul
Pundhak       : Andhap ngajeng
Piyadeg       : Angring
Prabot        : Makutha inggil
Jenggot       : Wok wingking

i. BALADEWA WANDA RAYUNG
Ciri :
Praupan       : Longok
Pundhak       : Nraju
Lambung       : Sangkuk
Pasemon       : Prasaja

j. BALADEWA WANDA JAGO
Yasan : Kartasura (Tatah Ki Gondo
Tahun :
Ciri
Praupan       : Tumanduk
Gulu          : Tumelung
Dhadha        : Mungal
Piyadeg       : Nanggel
Suku          : Mancat
Pasemon       : Ladak

WANDA JANAKA

Wanda Janaka ingkang saged kacathet :

a. Kinanthi       h. Mulat
b. Jimat          i. Malat
c. Gendreh        j. Mlathi
d. Mangu          k. Janggleng
e. Mangungkung    l. Renteng
f. Kanyut         m. Bronsong
g. Malatsih

a. Janaka wanda Kinanthi
Prauan       : Luruh
Gulu         : Manglung
Sumping      : Sekar gadhung sungging
Gelung       : Nancut minggah
Pundhak      : Pajeg
Dada/Pawakan : Weweg
Piyadeg      : Pajeg
Lambung      : Mayat

b. Janaka wanda Jimat
Yasan        : Senapati ing Alaga
Tahun        : 1541
Ciri :
Praupan      : Longok
Gelung       : Radi ageng
Pundhak      : Pajeg
Lambung      : Mayat

c. Janaka wanda Gendreh
Yasan        : Sultan Agung Anyakrakusuma
Tahun        : 1563
Ciri :
Praupan      : Tumungkul
Tutuk        : Luwes
Gelung       : Buweng alit/tipis
Pundhak      : Pajeg
Pawakan      : Alit
Lambung      : Mayat

d. Janaka wanda Mangu
Yasan        : Sultan Agung Anyakrakusama
Tahun        : 1563
Ciri :
Prupan       : Kinanthi kadamel manglung
Gelung       : Beda embat
Pundhak      : Mleret
Lambung      : Membat
Prabot       : Tanpa sumping, tatahan amung kasungging.
Suku         : Radi mleset

e. Janaka wanda Mangungkung
Praupan      : Tumungkul sanget
Mripat       : Blebes
Gelung       : Bedhog
Pasu         : Lengkung
Pundhak      : Radi sipat
Bokong       : Radi ageng nancut
Tlapakan     : Radi nyuthat

f. Janaka wanda Kanyut
Yasan        : Sunan Mangkurat ing Tegalarum
Tahun        : 1578
Badanipun kaliyan wanda mangu namung pasang gulu – rebah / radi rebah.

g. Janaka wanda Malatsih
Yasan        : Kartasurai longok
Tahun        : 1605
Sami kaliyan Kinanthi namung dipun longokaken sawetawis.

h. Janaka wanda Mulat
Praupan      : Radi longok
Mripat       : Jait
Gelung       : Radi gepeng
Pawakan      : Katingal weweg
Dhadha       : Jembar
Pundhak      : Limrah
Bokong       : Katingal agen

i. Janaka wanda Mlathi
Praupan      : Sedheng
Mripat       : Blebes
Tutuk        : Keder
Prabot       : Sumping sunggingan
Piyadeg      : Semu ngrangkung

j. Janaka wanda Janggleng
Praupan       : Tumndhuk
Mripat        : Jait
Pasu          : Kedher sanget
Gelung        : Leleh semu gepeng
Tutuk         : Luwes
Pawakan       : Singset
Suku wingking : Mleset
Piydeg        : Katingal ngrayung

k. Janaka wanda Brongsong
Praupan      : Prada

l. Janaka wanda Malat
Praupan      : Semu longok radi manglung
Mripat       : Blebes
Gelung       : Radi Buweng
Piyadeg      : Ngrayung
Tutuk        : Kedher
Diberdayakan oleh Blogger.

Mengenai Saya

Foto Saya
Oemah Wayang Klaten
Lihat profil lengkapku

Chat

Art & Artist Blogs - BlogCatalog Blog Directory


Kerjasama Bareng :

Kerjasama Bareng :


Blogger templates