Jadwal Kursus OW

Dalang Cilik : Hari Kamis, dan Sabtu jam 16.00 s/d selesai.
Dalang Dewasa : Hari Sabtu, jam 20.00 s/d selesai.
Kethoprak : Hari Kamis, jam 20.00 s/d selesai.

Salam Budaya,,

TOPENG WAYANG KLATEN

Minggu, 27 Februari 2011

WAYANG TOPENG KLATEN

Oemah Wayang Klaten mengucapkan penghargaan yang setinggi- tingginya kepada Alm. Ki Diman. Berkat kerja keras beliau kami generasi muda bisa mengapresiasi mengenai Wayang Topeng Klaten. Oemah Wayang Klaten juga berterimakasih banyak kepada Drs. Nuryanto, M.Hum. yang berkenan memberikan hasil catatan Ki Diman kepada kami sehingga pengetahuan mengenai seni Wayang Topeng Klaten bisa kami suguhkan kepada banyak kalayak. Harapan kami, semoga akan banyak pihak yang tertarik untuk meneliti, mengembangkan dan melestarikan seni Wayang Topeng Klaten.


SERAT KAWRUH TOPENG
Prakata dari Ki Diman.
Babagan Topeng yasan R.M.S. Tandhanagara Surakarta Hadiningrat katedhak seratan Jawi kasalin aksara latin ing pangangkah mugi saget kawaos para nem-neman ingkang kersa nglestantunaken budaya ingkang Endah. Dene pikajeng kula anyalin kajawi bot-botipun kula remen nyinau kagunan kasebat ugi kangge muwuhi seserepan bab Topeng. Ingkang ng mangke meh awis-awis dipun pentasaken. Upami wonten inggih namung wonten kalanganipun pedhalangan. Pramila kula reka-reka mekaten, mugi saged anjalari wangsul angrembaka gesangipun kesenian kasebat. Wasana sumangga anggenipun sami kepareng angleluri.
Panyerat

Danasama
12-12-2007

ASA-USUL KRATON JAMAN JENGGALA
Sang Prabu Jayalengkara ing Purwacarita peputra cacah gangsal
1. Retno Pambayu. Kasiku ing Rama temah kaestokaken dados Naga. Sarisaking Kraton Purwacarita lestantun tengga wana Purwacarita
2. Raden Parijaka, ngalih sesebatan Raden Mas Arya Parijaka
3. Raden Jakawida inggih Arya Jakawidha
4. Raden Arya Suwida
5. Raden Arya Subrata. Dedhukuh aneng Dukuh Jenggala nama Resi Gothayu

Gusti Sapaka ing Panataram peputra sekawan :
1. Dhaupan lan Arya Parijaka
2. Dhaup lan Arya Jakawida
3. Dhaup kalian Arya Subra kekasih Dewi Citrasmara

Prabu Jayalengkara kagungan Abdi kinasih Nama
1. Kretabasa (Anitiswara)
2. Anitiswara
Sareng sang Nata muksa, abdi kekasih kadhawuhan angemong ingkang putra Raden Subrata.
Kretabasa kaparingan nama Kalabayu
Nitiswara kaparingan nama Kalabumi
Sareng Raden Subrata mandhita Kalabayu Kalabumi kadhawuhan momong keng putra Raden Jayengrana. Wasana jumeneng nata wonten Jenggala. Kalabayu kaparingan nama Jarodeh/Semar Bangus Kalabayu kaparingan nama Prasanta inggih karan ki Lurah Turas. Sakala jeng lajeng kadhawuhan angemong ingkang putra Raden Panjihinukartapati.

Kacarios Jarodeh punika titisipun Bogatara Asmara/Semar. Nalika Raden Panji angluruk perang Jarodeh sesilih Kebopandonga. Purasanta ama Kebo Palendu.
Sareng raden Panji sumulih jumeneng nata anglengser keprabon ingkang rama Jarodeh kaparing nama Nayawindu Prasanta kapaaringan nama Demang Sangg Runggi

Radem Subrata garwanipun sadaya gangsal
1. Dewi Citrasmara ing Panataran
2. Dewi Srengganawati putranipun Lembu Surenggana ing Jenggala
3. Dewi Wisopati putanipun Tumenggung ing Kediri
4. Dewi Murdaningsih ngalih nama Dewi Wilangen putranipun Gajah Irawan ing Sidayu
5. Dewi Murwarsiki nglaih nama Dewi Samarta putranipun arya swarka ing Singosari. Dene putranipun cacah 6
1. Dewi Kilisuci saking dewi Citraswara wadad datan krama. Asisilih Pandhita Wara ing Pucangan inggih ing Karangpucang inggih ing Dokksariatma
2. Arya Jayengrana Jumeneng nata aneng Jenggalamanik Ajejuluk Prabu Dewakesuma inggih Prabu Lembu Amiluhur inggih Prabu Jayengpati saking Dewi Citraswara
3. Arya Jayanagara saking dewi Wisawati jumeneng aneng Nagari Kediri (Daha)
4. Arya Jayasasana saking Dewi Wisalangen jumeneng nata aneng nagari Ngurawan
5. Arya Jayantaka saking Dewi Samarta jumeneng nata ing nagari Singasari ajejuluk Prabu Lembu Amisani inggih Prabu Lembu Mardadi
6. Dewi Ragil Pregiwangsa saking Dewi Srenggawati kagarwa dhateng sang Prabu Lembu Pandaya ing nagari Pudhaksategal
 
Raden Parijaka peputra nem :
1. Raden Kudanawarsa dados pepatih ing negari Jenggala
2. Retna Rarangin kagarwa prabu Lembu Amiluhur. Dereng ngantos peputra Cinidra resmi dening Raden Sasana medali jaler nama Bambang Tirtanata. Kauningan sang prabu nulya kaparingaken ing kapatihan saputranipun. Dewi rerangin kinen mejahi yitmmanipun manukma dhateng dewi Retnaningrat utawi dewi Candrasari Rajaputri ing nagari Ngurawan
3. Retna Rarabi kagarwa Prabu Lembu amiluhur
4. Raden Jayabadra Dewasanipun dados pepatih ing nagari Kediri (daha)
5. Raden Jayasinga dados pepatih ing nagari Ngurawan
6. Raden jayakacemba dados pepatih ing nagari Singasari
 
Raden jakawida peputra 5 :
1. Raden Adiraja dewasanipun dados Bopati ing nagari Jenggala nama Tumenggung Adiraja
2. Dewi Likuraja kagarwa Prabu Lembu Amiluhur
3. Raden Madura dewasanippun dados bupati Jenggala nama Tumenggung Maudara
4. Raden wira Prabu dewasanipun dados Adipati Jenggala nama Juruwirapraba
5. Raden Mangunjaya dewasanipun dados Adipati ing nagari Jenggala namaArya Mangunjaya
 
Hariya Suwidha peputra Sanga
1. Raden Maospati dewasanipun dados punggawa ing Kraton jenggala nama arya Maospati
2. Dewi Sara dhaup kaliyan Raden Kudanawarsa ing Jenggala patutan estri kalih (1) Retna Angreni kagarwa Raden putra ing Jenggala (2) Retna Kanastren dhaup kaliyan Jarodeh
3. Retna pputri Sindusarari kagarwa raden Arda raja ing Jenggala
4. Dewi Maiswara kagarwa prabu Lembuamiluhur ing Jenggala
5. Dewi Sinduretna dhaup kaliyan Wirapraba
6. Danuresmi dhaup kaliyan Mangunjaya
7. Dewi Sundari dhaup kaliyan raden Jayabadra
8. Dewi Sarasi dhaup kaliyan Jayasinga
9. Dewi Rarastri dhaup kalian Jayakajemba
 
Sang Prabu Lembu Amiluhur ing jenggala garwanipun sedaya nenem (6)
1. Retna Rerangin putranipun Raden Parijaka pegat saderengipun peputra
2. Dewi Likuraja putranipun Raden Jakawida peputra satunggal nama raden Pratama inggih raden Singabrajanata
3. Putri saking nagari Siyem peputra kalih kembar nama Raden Umbul inggih Raden Panjiwulung, Raden Kakanda inggih raden Tunggulwulung. Ibu konduran
4. Dewi Tejaswara putri saking nagari Majapura peputra satunggal kaparingan kekasih raden Panji Hinukartapati sang dewi seda konduran
5. Dewi Maeswara putranipun arya Suwida sasedanipun garwa angka tiga lajeng pinaringan nama nunggak demi Dewi Tejaswara
6. Dewi rarabi rayinipun Retna Rerangin
Dene garwa ampe sadaya kawandasa putranipun wonten satus. (
 
Dene pamongipun
1. Jarodeh (Doyok)
2. Prasanta (Bancak)

Prabu Lembu Amijaya Kediri peputra pitu
1. Raden Arya alabuhan peputra kalih :
a. Retna Pambayun dhaup kaliab Raden Kuda Tilarsa/Kudasuparsa
b. Raden Panji Pagedongan
2. Dewi Sekartaji dhaup kaliyan Raden Panji Asmarabangun peputra satunggal
a. Raden Panji Laleyan
3. Raden Arya Gunungsari inggih Raden Panji Malayakusuma, Hali keng raka ipe jumeneng aneng Jenggala pinatah dados bupati mangjuyuda kaparingan nama Raden Kusumawinata inggih sang Prabu Suryamijaya peputra 2
a. Raden Kuda Suparsa
b. Dewi Parwati kagarwa Raden Kuda Kakanda ing Ngurawan
4. Raden Panji Panambang peputra 2
a. Raden Panji Jayeng Kunta
b. Dewi Kunti
5. Raden Panji Kertasari peputra satunggal
a. Retna Lampur
6. Dewi Retnamindaka dhauo kaliyan Raden Panji Sinom Pradapa ing Jenggala peputra satunggal :
a. Raden Arya Pepati dhaup kalianRetna Lampur
7. Dewi Tomihoyi dhaup kaliyan raden Banyak Wulan ing Singasari.

III Sang Prabu Lembu Amisesa ing Ngurawan peputra sekawan
1. Dewi Retnaningrat Dhaup lan Raden Panji Hinukartapati seda dereng peputra.
2. Retna Indi inggih Retna Cindaga/Sarag. Dhaup kaliyan Raden Panji Hinukartapati peputra satunggal :
a. Raden Jaka (Bloro, Blono) inggih Raden Panji Semawung
3. Dewi Kumudawati inggih dewi Kumudaningrat dhaup kaliyan Raden Panji Hinukartapati boten peputra
4. Raden Arya Banyak wulan sumulih jumeneng nata ing Singasari ajejuluk Prabu Surya Winata peputra kalih
a/ Raden Kuda Suwongsa
Dewi Aliran dhaup kalian raden Panjijayengkunta
5. Raden Arya Sinjang Laga inggih raden Panji Suryadilaga nalika jumeneng nata anggentosi kapraboning ingkang Rama ing Ngurawan. Peputra satunggal
a. Raden Kuda Kakandha. Nalika gumanti kapraboning rama ajejuluk Prabu Surya Amiluhur

IV. Sang Prabu Amisani ing nagari Singasari peputra sekalwan
1. Dewi Nawangsari dhaup kaliyan raden Panji Hinokartapati peputra : Raden Kudararas
2. Dewi Nawangsih dhaup kalian Raden Panji Pananambang ing Kediri peputra satunggal kekasih Raden Panji Jayeng Kunnta
3. Raden Arya Banyakwulan sumulih kaprabonipun ingkang raa\ma ing Singasari jejuluk Prabu Suryawinata. Peputra kalih :
a. Raden Kudasuwangsa
b. Dewi Panji Jayengkuntha
4. Raden Panji Lembusari peputra :
a. Raden Panji Suryakethu

Dewi Pregiwangsa ing nagari Pudhaksategal peputra kalih (2)
1. Adipati Sariwahana
2. Raden Sumarata ing Jayaraga

Sawatawis babagan cak-cakan pagelaranipun. Topeng/wayang gedhog dipun cak-caken kanthi paraga gesang . tiyang. Kanthi beksanipun Sari tunggal. Liripun sadaya paraga utawi tokoh beksanipun kakung, putri, gagah, alus, gecul. Cengkok beksanipun sadaya beksan gambyong wiwit sekaran batangan pilesan, lampah tiga ukel pakis, embat-embatan salajengipun

Conto : Upaminipun Paraga. Ratu alus utawi katongan : Beksanipun kawiwitan batangan ngantos satelasing iringan dipun pungkasi sekaran embat-embatan mlampah.

Praga tatagan/bolajawi patih katongan sak wadyanipun ugi beksa batangan kapara gendhing ingkang irama merong ugi dibeksani batangan satelasipun mlebet Ladrangan dipun pungkasi embat-mbatan.

Paraga emban utawi parakan. Beksanipun wonten irama Laradanng irama dados beksanipun Kebar Gambyong sak ladrang.

Paraga Gecul upaminipun : 1. Jaka Bluwo, 2. Bancak, 3. Dayak, 4. Randha Dahdhapan. Beksanipun Gambyong sak Ladrang (Pangkur, Ginunjing, Loro-loro Topeng)

Paraga gagahan, umpanipun Klana, Trijaya Klana Jaka, Klana Bramadirada, Klana Mandraspati, Klana Sura Pramuja.

Kajawi beksanipun kairingan Lancaran kagem kiprah lajeng mlebet Gendhing merong trus Ciblon. Dipun beksani Gambyong sak Gambirsawit kalajengaken Ladrang ugi dipun beksani Gambyong.

Paraga Gunungsari : dipun iringi Bondhet dipun beksani gambyong ugi,

Paraga Yaksa balanipun Prabu Klana punika dipun iringi Jangkrik Genggong.

Daraga Tatagan wadya0wadya ingkang bidhal sowan dipun iringi lancaran minggah Ladrang kaciblonaken. Bejsanipun inggih Gambyong sak Pangkur.

Dene Bab Klana cacah Paraganipun Trijaya. Sami-sami Klana cacah tiga Beksanipun namung Kiprahan tanpa kejsa Gambyong.

Paraga Klana Raja beksanipun kapara langkung jangkep tur mawi warni jaman para paraganipun taksih anem, kajawi besus solahipun, geculan kaliyan pengendhangipun. Dasar para paraganipun dalang pengendangipun ugi dalang ing mriku namung sami gojeg, garap-garapanmawi ungeling kendhang.

Paraga Gecculipun Sembung Langu, beksanipun sarwa ndagel. Banyolipun sok kaladuk lekoh, namung anambahi endah.

Paraga Regol : beksanipun ugi ndagel dasar iringanipun Bondhet Mataran, kagarap gecul mnaut paraga anggenipun beksa.

Dene pagelaranipun boten benten pagelaran wayang Purwa. Namung iringanipun amung gangsa salembar larasipun Slendro kawiwitan saking pathet Nem, pathet Sanga, Pathet MAnyura
Kados ing ngandhap punika urut-urutanipun gendhing-gendhing iringan Pagelran Topeng
1. Karumiyinan Talu : Ayak Srepeg, Sampak manyura
2. Gendhing Karawitan kagem ngiringi beksan Bala / tatagan
Gendhing L. Sekar Lesah : ngiringi beksan parekan kalajengaken beksam Ratu
3. Gendhing ayak-ayak Nem kagem bedholan jejer
Gendhing Srepeg kagem bidhalan wadya
4. Gendhing Srepeg nem : Paseban Jawi
5. Gendhing Maesakurda kagem bidhalan minggah Ladrang Jaranan
6. Lancaran Bendrong kagem beksan Trijaya
Lancaran Rena-rena kadangipun Klana
Lajeng bidhal. Prang gagal.
Lajeng mlebet Pathet sanga
7. Gendhing Bondhet Mataram : kagem ngiringi beksan medalipuun abdi pun Regal
Gendhing Bondhet Solo kagem medalipun abdi mergasari kalajengaken beksan ipun Raden Gunung Sari
8. GendhingJangkrik Genggong : Adegan Yaksa Kalajengaken Lancaran
Gendhing Bendrong Pancer 6
Gendhing Bendrong Nglik
Genjong merong
Ciblon Kebogiro
Tlutur Eling-eling manyura kagem ngiringi beksanipun Klana
Mlebet Pathet Manyura
9. Gendhing Loro-loro Topeng kegem beksan Bancak Dhoyok
10. Gendhing Ginonjing kagem iringan beksan Jaka Bluwo
Mekaten urut-urutanipun iringan Pagelaran.

Dene Topeng Dalang Klaten

Para paraganippun sadaya dalang-dalang ingkang kawentar ing Klaten. Malah kapara dhapukanipun sampun maton. Gesangipun topeng para sesepuh dalang Klaten meh sadaya kepareng dados paraga wayang Topeng. Ngantos pengendhangipun kemawon ugi maton.


1. Kyai Dalang Crema Sumarta : Jogonalan
2. Ki dalang Crema : Beku Wedi
3. Ki dalang Redi : Kintelan Jogonalan
4. …..
5. Ki dalang Kasdalamana : Soran Klaten
6. Ki dalang Jakapandaya : Somakaton
7. Ki Dalang Gandatukasna : Manjungan
8. KI Dalang Patmacarita : Gemolong
9. Ki Dalang JakaSantosa : Manjungan
10. Ki dalang Surana
11. KI dalang Cremasumarta : Ngladon


Ing ingginggil punika para paraga Klana Topeng Klaten


1. Ki Dalang Hardi : Sumakaton
2. Ki Dalang Sugeng : Kebonarum
3. Ki dalang Simuya : Jurang jero
4. Ki dalang Warjima : Kembang
5. Ki Dalang Sudiman : Wedi
6. Sadaya wau para paraga patih/tatagan


1. Ki Dalang : Gadhungan
2. Ki dhalang Widi : Somakaton
3. Ki dalang Gandatama : Jembul
4. Ki dalang Harjadiyun : Juwiring
5. Ki dalang Jayeng Sutama : Dukuh
6. Ki dalng Harjasuganda : Dhukuh
7. Ki Hardiganda : Wedi
8. Ki dalang Maradarsana : Demangan
9. Ki dalang Crema : Jembul


Nginggil punika kalawau para paraga gecul. Bancak, dhoyok, regol, sembung langu, jaka bluwa


Para Nem-neman (Dhalang enem)

1. Ki Kasim : Soran
2. Ki Kusni : SOran
3. Ki Gangsar : Soran
4. Ki Bagong : Karang Kembang
5. Ki Beja : Manjungan
6. Jaka Sabean : Manjungan
7. Ki Harminta : tambak Tulung
8. KI dalang Asa : Bunderan
9. Ki dalang Ana : Konalan
10. Ki dalang Ganda Pupan : Juwiring
11. Ki dalang Wiro : Soran


Nginggil punika para paraga Ratu, Gunungsari, Trijaya

1. Ki Puspacarita : Jembul
2. Ki Suparna : Jembul
3. KI dalang Sus : Manjungan
4. Ki Giyana : Jlapa
5. Ki Bagong : Karangkembang
6. Ki Sugeng : Kebonarum


Ingkang kasebat punika (nginggil) para dhalang ingkang maragani dalangi pagelaran Topeng saha para Pengendhangipun

Prakawis Topeng ingkang meh ical saking bebrayan liripun sampun meh punah. Para paraganipun sampun kathah ingkang seda pramila nalika tahun 1976 nate dipun adani anggesangaken malih ingkang dipun adani saking kebudayaan Kabupaten Klaten nalika kasinipun Bapak Martana

Kaping kalih nalika tahun wonten yayasan ingkang dipunpangarsani mas Hari Gendhuk STSI Surakarta. Bebantu dana kangge gugah paradalang-dalang kersa ngawontenaken pembelajaran Topeng ngantos dumugi dipun wonteni pagelaran. Temah saget kasembadan ingkang dipun namakaken paguyuban MAGADA

Dene paraganipun para dalang mudha ingkang dipun ajangi ing dalemipun swargi Ki Ganda Tukasna Manjungan Klaten. Sesepuhipun Ki Jakapandaya Somakaton. Karangnangka Klaten. Dene ingkang sami ngawontenaken (tumut gesangaken latihan punika).


1. Ki Jakapandaya : Somakaton
2. Ki dalang Kasdalamana : Soran
3. Ki dalang Suhardi : Somokaton
4. Ki dalang Sriyanta : Gani
5. Ki dalang Sudiman : Ceporan Gantiwarna
6. Ki dalang Jakasantosa
7. Ki dalang Jali : Soran
8. Ki Jaka Sabeyan : Manjungan
9. Ki dalang Kasim : Soran
10. Ki dalang Kusni : Soran
11. Ki dalang Darminta : Tambakan
12. Ki dalang Gangsar : Pomah
13. Ki dalang Bambang : Sabrang Lor
14. Ki dalang Suparno : Jembul
15. Ki dal;ang Puspacarita : Jembul
16. Ki dalang Surana : Jembul
17. Ki dalang Bagong : Jembul
18. Putraiopun Jakasantosa : Manjungan
19. Putranipun Jakasantosa : Manjungan
20. Putranipun Darminta : Manjungan
21. Dana putra ki Jakapandaya
22. Giyah putra Ki Jakapandaya : Somakaton
23. Ki Jaka Langgeng : Kediri
24. Putranipun Estri ki Jakalanggeng
25. Putranipun estri ki Sugeng


Kanthi wontenipun Pembelajaran punika Topeng Klaten wonten penerusipun utawi taksih gesang.

Dene lampahan ingkang asring kapentasaken :
1. Lampahan Jatipitutur Pituturjati
2. Lampahan Jaka Bluwa
3. Lampahan Kaka Penjaring
4. Lampahan Ngreni
5. Lampahan Brambang bawang
6. Lampahan Bancak Cidra
7. Lampahan Limaran/Cindhelaras
8. Lampahan Sastramiruda
9. Lampahan Klana Swadana
10. Lampahan Panji Semerang
11. Lampahan Tamihoyi
12. Andhe-andhe lumut
13. Bancak Doyok barang jantur


Diberdayakan oleh Blogger.

Mengenai Saya

Foto Saya
Oemah Wayang Klaten
Lihat profil lengkapku

Chat

Art & Artist Blogs - BlogCatalog Blog Directory


Kerjasama Bareng :

Kerjasama Bareng :


Blogger templates