Jadwal Kursus OW

Dalang Cilik : Hari Kamis, dan Sabtu jam 16.00 s/d selesai.
Dalang Dewasa : Hari Sabtu, jam 20.00 s/d selesai.
Kethoprak : Hari Kamis, jam 20.00 s/d selesai.

Salam Budaya,,

SELAMAT DATANG

Jumat, 10 Desember 2010

Selamat Datang

di Omah Wayang Klaten



Omah Wayang Klaten merupakan satu-satunya dealer seni di Kabupaten Klaten. Banyak Kegiatan yang dilakukan oleh Oemah Wayang Klaten, antara lain :
1. Berbagai macam Work Shop (Lihat di Halaman Work Shop).
2. Pelatihan Tatah Sungging, Karawitan, Kethoprak, Tari.
3. Pembelajaran Baca tulis Aksara Jawa.
4. Macapatan dll.


Selain bermacam-macam kegiatan tersebut, Oemah Wayang Klaten juga menyediakan sauvenir cantik. Sauvenir tersebut berupa kerajinan kulit dengan desain wayang yang kesemuanya hand made masyarakat sekitar Oemah Wayang Klaten. (Lihat di Halaman Souvenir).


Kehadiran blog ini diharapkan bisa melengkapi upaya kami untuk nguri-uri Budaya Jawa. Blog ini selain memberi deskripsi mengenai Oemah Wayang juga akan berusaha untuk menghadirkan pengetahuan mengenai Budaya Wayang. Saran dan komentar anda sangat kami harapkan demi Lestarinya Budaya Jawa.


Matur Nuwun, Salam Budaya.


LATAR BELAKANG BERDIRI

Omah Wayang Klaten merupakan sebuah pusat studi Pertunjukan Seni Tradisional  Jawa. Oemah Wayang Klaten berdiri atas keprihatinan kami terhadap kondisi kesenian tradisional Jawa yang semakin terpuruk. Keterpurukan tersebut disebabkan masyarakat Jawa tidak lagi tepung, srawung dan dunung dengan seni-seni tradisi Jawa yang ada. Di tengah keterpurukan seni Jawa tersebut, masyarakat seni dunia justru mempelajari dan mengapresiasi seni tradisi Jawa dengan getol.
Berbekal dengan kesederhanaan, tekat dan keyakinan, kami memberanikan diri untuk memberikan apresiasi seni terhadap masyarakat Klaten. Langkah yang kami tempuh adalah dengan memadukan pendidikan non formal dengan seni budaya dalam satu wadah.  Wadah ini bernama PKBM Dewi Fortuna.
Oemah Wayang dikelola oleh Pusat Kegiatan Belajar Masyarakat (PKBM) Dewi Fortuna, salah satu lembaga Pendidikan Non Formal yang berbasis seni tradisional Lembaga ini didirikan oleh Ki. Tmg. Suwito Radyo, S.Kar (Seniman ) Drs. Nuryanto M.Hum (Dosen) Kristian Apriyanta, S.Pd (swasta). Sebagai  Lembaga Pendidikan non Formal yang berbasis seni, Oemah Wayang Klaten merupakan pusat kegiatan belajar, berkarya dan berkesenian di Kab. Klaten.

Adapun kegiatan-kegiatan yang kami adakan adalah memberikan program-program pengenalan, pendalaman, pelatihan dan apresiasi seni budaya tradisional wayang dengan segala aspeknya secara “live In” . Diharapkan usaha ini akan mampu memberikan energi baru guna memberdayakan warga belajar pendidikan non formal serta mampu mendukung tumbuh, kembang dan lestarinya seni budaya tradisional Jawa serta mampu memberikan kontribusi wisata budaya di Kab. Klaten.

Letak
Oemah Wayang menempati kebon seluas 800 M berkonsep ndeso. Berada ditengah-tengah rumah penduduk dengan infra struktur : Ruang Teori kapasitas 30 Org, Multimedia Audio Visual System, Gubug Workshop, Panggung Terbuka, Gasebo, Rest Area, KM/WC Taman Bacaan Masyarakat, Gamelan, Wayang . Suatu kehormatan bagi kami apabila anda mengunjungi/bergabung dengan komunitas di Omah Wayang Klaten. Dengan kesederhanaan dan keterbatasan kami akan menerima anda sebagai bagian dari keluarga seni budaya Omah Wayang Klaten.

LAKON WAYANG ONTOSENA KRAMA VERSI JOMBOR

Minggu, 19 September 2010

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.




1. NGASTINA
a. WAYANG
SUYUDANA, DRUNA, SAKUNI, KARNA.
b. GINEM
DURNA matur bilih anggenipun nglamar putri ing SUKADANA putrane Prabu SETYADARMA pun SULANDARI badhe kadhaupaken kaliyan ASWATAMA. Babak Unjal SETYAKUSUMA kautus Prabu SETYADARMA kinen ngaturaken pundhutan (1) Gajah Putih kang bisa guneman, (2) ratu sewu praja, (3) lelangen swarga. sinagahan. KARNA lan KURAWA pados pundhutan.

2. MANGUDIRETNA
a. WAYANG
Pr. JAYAMURTI, Pt. JAYAMINGKALPA
b. GINEM
Sang nata gandrung SULANDARI bidhal. Arsa sowan piyambak. GAGAL.

3. SAPTAPRATALA
a. WAYANG
ONTOBOGA, BINAYUM PUNAKAWAN
b. GINEM
ONTOBOGA nampi sowane ABIMANYU lan PONOKAWAN perlu nyuwun ngampil lelangen swarga kangge bawahan dhaupe ONTORJO, sinagahan mundur.

4. Barisan Pr. JAYAMURTI kepapag ABIMANYU sulayaning rembag dados prang. JAYAMURTI teluk laju sinagahan dening ABIMAYU badhe kaparingan lintu, nanging kinen ngarak temantene ONTORJA.


5. NGAMARTA
a. WAYANG
PANDHAWA PEPAK, ONTOREJA, GATHUTKACA, ABIMANYU, BUTA BODHO
b. GINEM
PANDHWA pepak, KRESNA, ONTORJA, GATHUTKACA, ABIMANYU ngaturaken bilih sampun sinagahan lan gajah putih srati buta bodho pun SETUBANDHA lan JAJAHWREKO (dhawuhe ONTOBOGA) GATHUTKACA kinen dhateng JURANGGRENJENG bidhal.

6. JURANGGRENJENG
a. WAYANG
SETUBANDA, JAJAH WREKSA, GATHUTKACA
b. GINEM
SETUBANDA lan JAJAH WREKA nampi sowane GATHUTKACA. GATHUTKACA matur sang wiku SETUBANDA katur minangka sarana dhaupe ONTORJA, SETUBANDA badhe boten purun regejegan wasana purun.

7. KARNA lan KURAWA mbegal GATHUTKCA,KURAWA kawon,

8. NGAMARTA
Ngarak ONTORJO

9. NGASTINA
SUYUDANA ampi wadul SAKUNI, DURNA laju ugi ngarak ASWATAMA.

10. SUKASADANA
a. WAYANG
SETYADARMA, SETYAKUSUMA, ANTAREJA, SULAMDARI, DURNA, ASWATAMA, TILUTAMA, SENA, NAGAGINI, ANANTABOGA

b. GINEM
SETYADARMA, SETYAKUSUMA. ONTORJA dhateng laju kadhaupaken kaliyan SULAMDARI.
DURNA ASWATAMA dhateng sulayaning rembag dados perang. ONTORJA lan ASWATAMA dipun du ben ASWATAMA kaseser. TILUTAMA dhateng biyatu ASWATAMA. TILUTAMA laju nusupi SULAMDARI ewah laju pamit ONTORJA menawi badhe tumut ASWATAMA trus kesah. ONTORJA semaput, BIMA bingung nimbali NAGAGINI dhateng pinasahan bab bab SULAMDARI. NAGAGINI wus uninga laju nututi SULAMDARI nembe dumugi ngajenge ASWATAMA lan TILUTAMA medal NAGAGINI manjing dhateng nggenipun SULAMDARI trus mlajar. TILUTAMA nututi SULAMDARI SULAMDARI dipun pasrahaken ONTORJA trus dipun pondhong. NAGAGINI mapagaken TILUTAMA dados prang. TILUTAMA kasor. DURNA mlajari (ngoyak-oyak) NGAGINI oncat dhelik. ONTOBOGA medal prang kaliyan DURNA, ONTOBOGA meh kasoran laju dados Ula. DURNA ajrih.

LAKON WAYANG ONTOSENA TAKON BAPA VERSI JOMBOR

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.

1. DWARAWATI
a. WAYANG :
KRESNA, SAMBA, SETYAKI,KEMBAR
b. GINEM
Sowan ngaturi Sri Nata sebab YUDISTIRA supena sadaya wiku tan saged ngudhari. Bidhal.

2. DUMAPALA
a. WAYANG
Pr. SRI DENTA marasepuh Beg. SINTOWILAPA, Pt. SIBANDARA, Pt. AMONGDETA.
b. GINEM
Pepundhen RINGI PETAK Alum, sagedipun waluya manawi dipun saranani KALIMASADA, SRI NATA laju warna NARADA bidhal gagal

3. SAPTAPRATALA
a. WAYANG
ONTOBOGA garwa SUPERTI, putra NAGAGINI, wayahe ONTOSENA, PUNAKAWAN
b. GINEM
ONTOSENA badhe madosi kang rama. Linilan lan dipun kantheni kakange NAGAGINI : NAGATATMALA, PANAWAKAN. Bidhal Prang SEKAR.

4. NGAMARTA
a. WAYANG
YUDHISTIRA, BIMA, PARTA, NARADA palsu, KRESNA, KEMBAR, ANTASENO, NAGATATMALA
b. GINEM
YUDHISTIRA, BIMA, PARTA ngajeng-ajeng KEMBAR lan KRESNA. NARADA (palsu) dhateng mundhut KALIMASADA adhe kangge nulak lelamuk kayangan laju dipun aturaken, NARADA mundur.
KRESNA, KEMBAR dhateng, KRESNA ngendika bilih ing wau kepangggih klebating NARADA sajak sanes sabaene, laju sami tinututan. Kapanggih. Sulayaning rembag NARADA dipuun panah babar SRI DENTHA dados prang. BIMA PARTA dipun ceblokaken ing siti tan saged uwal.
Lampahe ONTOSENA NAGATAMALA dumugi ngejenge BMA PARTA matur badhe suwita. BIMA nampi yen saged ngluwari BIMA PARTA binedhol laju luar. BIMA dhawuh nututi KALIMASADA. ANTAREJA Naga TATMALA bidhal.

5. DUMAPALA
a. WAYANG
Beg. SINTAWILAPA, SRI DENTA
b. GINEM
Beg. SINTAWILAPA dipun pameri KALIMASADA dening SRI DENTA laju kangge nyaranani ringin pethak sanalika saged waluya. KALIMASADA dipun simpen ing gedhing tosamn, garwa kinen rumeksa.

6. KEDHATON
Garwa Nata Dewi SINTORESMI / SINTARETNAA (dereng atut). ONTOSENA dhateng taken dununge KALIMASADA tinuduhaken lajeng pinendhet (Gebangan). Parekan wadul. SRI DENTA duka dados prang rame. ONTOSENA bekta garwa nata, laju kakanthi kondur dening NAGATATAMALA. SRI DENTA nututi.

7. NGAMARTA
a. WAYANG
PANDHAWA PEPAK, ANTAREJA, SINTARESMI, SRI DHENTA
b. GINEM
PANDHAWA pepak ONTOREJA ngaturaken KALIMASADA lan titip SINTARESMI. SRI DENTA dhateng prang tan ana kang menang. ONTOBOGA warah dhateng ONTOSENA kinen bedhol ringin petak lan kadhawuhan ngeprukaken SRI DHENTA lan SINTAWILAPA ringin binedhol laju dipun keprukaken. SRI DHENTA pejah SIINTAWILAPA ugi pejah. AMUK-AMUKAN

LAKON WAYANG NARAYANA MALING VERSI JOMBOR

Sabtu, 18 September 2010

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.

1. NGESTINA
a. WAYANG :
KURUPATI, DRUNA, SAKUNI
b. GINEM :
DRUNA badhe monokrama RUKMINI. RUKMAROTO sowan matur ROHINI sagah kagarwa yen DURNA saged medharaken jatining jalu lan estri. Sinagahan gya bidhal.

2. DWRAKAWRESTI
KRESNA BUJONGGO gandrung ROHINI utusan yaksa bidhal. GAGAL.

3. BANJAR PATOMAN
a. WAYANG
NARAYANA, RARA IRENG, UDAWA
b. GINEM
RARAIRENG taken dhateng NARAYANA kesah kemawon wangsulan dolan kemawon. RARAIRENG den pamiti NARAYANA badhe jagong. RARA IRENG klayu, laju den pangku sinirep sang retna laju sare. NARAYANA raosan badhe dhusta pun ROHINI. UDAWA ngelikake. NARAYANA lajeng nyariosaken babakale DEWA anggenipun badhe KRAMA perlu kangge kekiyatan KURAWA, pramila badhe den alang-alangi bidhal, mawi banyol UDAWA badhe tumut jagong.

4. SAPTARGO
a. WAYANG
ABIASA, PREMADI, PUNAKAWAN
b. GINEM
PREMADI sisah awit tinilar jagong laju kadhawuhan nusul awit KUMBINA badhe wonten maling. PREMADI gya mundur prang SEKAR.

5. KUMBINA
a. WAYANG
BISMAKA, PANDHAWA, DURNA, KURUPATI, RUKMARATA
b. GINEM
BISMAKA (aria babra) nampi dhatenge PUNTADEWA, SENA ngrembag bab jatining kakung lan putri. KURUPATI dhateng ngarak DURNA laju kapurih medharaken bab jalu lan estri, DRUNA saged laju kadhawuhan lumebet kepanggih kalian ROHINI kairid RUKMOROTO.

6. ROHINI manggihi NARAYANA. NARAYANA nanting wus sami antepipun ROHINI kinen dhelik. NARAYANA dados ROHINI utawi DRUNA dipun sulap NARAYANA katingal ROHINI. DRUNA dhateng laju ngrangkul NARAYANA malih BRAHALA, DRUNA sumerep laju mlajeng.

7. PANDHAPI
a. WAYANG
Pepak para tamu, DRUNA
b. GINEM
DRUNA dhateng wadul KURAWA badhe nyepeng BRAHALA kang kadakkwa PAMADI. Wasana KURAWA kami gilanen sumerep BRAHALA kang dinakwa PAMADI. Wasana PAMADI dhateng laju kapurih nyepeng dipun awat-awati.

8. ROHINI pepanggihan lan NARAYANA katungka PAAMADI dhateng NARAYANA delik ing sengkang. PAMADI api-api badhe nyambut sengkang, NARAYANA pindhah enggen sengkang dipun caosaken dening ROHINI, tinampik, ngantos rambah-rambah NARAYANA dhelik ing busanane ROHINI. Wasana NARAYANA delik ing saka guru. PAMADI mulat saka den cepeng mawi aji Gumbala Geni. NARAYANA oncat den buru mawi banyol NARAYANA jagur wetenge KURUPATI. KURUPATI laju alok, PETRUK den sampluk laju PETRUK kapanggih KURUPATI banyolan.
NARAYANA kepepet laju malih Brahala sareng dumugi ngajenging PUNTADEWA laju namakaken mantra F. BRAHALA luluh babar NARAYANA tan saged mlayu. SENA mulat kirang sabar gya jangkung kasiliring bayu NARAYANA saged oncat. SENA den uman-uman PUNTADEWA. SENA laju noyak ngrisak taman kang kangge dhelik maling. KURUPATI nedha lintu. PUNTADEWA tan purun SENA nyelaki KURUPATI kesah ngantos bola-bali laju oyak-oyakan. NARAYANA lumumpat sinaut PAMADI. NARAYANA waleh sababipun bab anggenipun maling kangge jagi BRATAYUDA. PAMADI kinen muja sekar pudhak dados NARAYANA laju den pasrahaken KURUPATI. Bidhal. NARAYANA kembang tinampi KURAWA laju dipun buang ing BANDHONGAN. KURAWA ngrayah BANJARPATOMAN. PAMADI nututi badhe panggih RARAIRENG . (Dhawuhe NARAYANA kinen mring BANJARPATOMAN, mila PAMADI bidhal).

9. BANAJARPATOMAN
a. WAYANG
UDAWA, KURAWA, PAMADI, RARAIRENG
b. GINEM
UDAWA dhatengi KURAWA badhe ngrayah dados prang. KURAWA kawon PAMADI dateng dhawuh UDAWA kinen mring MANDURA munjuk BALADEWA bilih NARAYANA badhe dhaup. UDAWA budhal. PAMADI manggihi RARAIRENG mireng yen NARAYANA cinepeng. PAMADI laju den buang ugi neng BANDENGAN. RARAIRENG mring MANDURA. PAMADI laju wangsul.

10. Yaksa pinejahan NARAYANA nunggil raga gya nglurug.

11. BALADEWA nampi aturing RARAIRENG duka badhe nglurug. UDAWA dhateng munjuk malah den uman-uman. BALADEWA nglurug.

12. KUMBINA
a. WAYANG
PAMADI, NARAYANA, BALADEWA, SENA, KURUPATI


b. GINEM
Kedhatengan buta ngamuk sadaya kawon. PAMADI mangsah buta badhar NARAYANA laju kakanthi lumebet BALADEWA soroh amuk, SENA manggihi laju sami waleh. BALADEWA lerem kakanthi lumebet. KURUPATI tan triman ngamuk dhatenge keri saking PATOMAN. AMUK-AMUKAN

LAKON WAYANG NARAYANA API-API SAKIT VERSI JOMBOR

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. LESANPURA
a. WAYANG
Prb. SETYAJIT, R. SETYAKI, Pth TUHUPRAYITNA, Tmg. TUHUPRALENA.
b. GINEM
Badhe dhaupanipun SETYABOMA lan DRUNA. SETYAKI tansah boten nyarujuki milikipun sang nata, awit DRUNA punika Pandhita pinter. Sowanipun PRAGOTA ngaturaken serat bilih ERAWATI sakit kang den ucap-ucapaken SETYABOMA. Pramila SETYABOMA kasuwuna dumugi ing RANDHUGUMBALA awit kang sakit tinirahaken neng kab linilan. SETYAKI ugo dados kanthi.

2. DIWARAKAWESTRI
YUDAKALAKRESNA kedanan SETYABOMA utusan gagal.

3. WANA
a. WAYANG
PAMADI, PUNAKAWAN, DEWA
b. GINEM
PAMADI sisah kedanan SETYABOMA prang buta. Karawuhan dewa wineca sanes jodhone kinen mantuk.

4. NGAMARTA
a. WAYANG
PUNTADEWA, SENA, KEMBAR
b. GINEM
Nampi timbalan saking LESANPURA. PAMADI dhateng kakanthi tan kersa laju tinilar.


5. RANDHUGUMBALA
a. WAYANG
BALADEWA, NARAYANA, SETYABOMA, SETYAKI
b. GINEM
BALADEWA, NARAYANA, ngudaraos babakale DRUNA kang badhe menceng ing lampah. Kersane BALADEWA badhe den pejahi. NARAYANA tan angsal awit anggenipun mulang PANDHAWA dereng rampung. Wasana SETYABOMA dhateng, NARAYANA mlebet kemul. SETYABOMA kadhawuhan mlebet SETYAKI jagongan lan BALADEWA sigeg.

6. CANDHAKAN
a. WAYANG
NARAYANA, SETYABOMA
b. GINEM
NARAYANA kemul api-api dados ERAWATI. SETYABOMA dhateng mijet sukune NARAYANA tangi sang retna badhe lumajeng ginondhelan. NARAYANA sajarwa sedyanipun badhe ngalang-alangi DURNA awit mindhak damel kekiyatan. SETYABOMA pasrah pondhongan.

7. BALADEWA lan SETYAKI sami-sami ndem-deman. BALADEWA radi wuru laju prasaja yen SETYABOMA badhe kakrama NARAYANA awit mindhak damel kewirangane sang retna sak kadang. SETYAKI nesu (ing batos sanadyan makaten rak inggih ngangge cara medal mergi). BALADEWA den songkol dados prang BALADEWA keseser. NARAYANA gandheng asta lan SETYABOMBA medal. SETYAKI sumerep semaput laju den ilir-ilir waluya. NARAYANA waleh sebab-sebabipun awit tembe PANDHAWA lan KURAWA badhe BRATAYUDA pramila DRUNA den alang-alangi, SETYAKI pasrah laju kadhawuhan ngedegaken Sayembara. SETYAKI lan SETYABOMA mantuk.

8. Yaksa nglurug.
9. LESANPURA.
a. WAYANG
SETYAJIT, PANDHAWA, SETYAKI, SETYABOMA
b. GINEM
SETYAJIT manggihi PANDHAWA. SETYAKI lan raka dhateng namung welingipun kinen ngenengaken sayembara, SENA ngulungi nanging tan pinaelu. Laju utusan nusul mring NGASTINA. Yaksa dhateng AMUK-AMUKAN.

LAKON WAYANG MANUMAYASA KRAMA VEERSI JOMBOR

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. WIRATAHA
a. WAYANG
Prb. BASUMURTI, Putri INDRADI, garwa JATISWARA, putra R. BASUKESTHI, Pth. JATIKANDHA, Ary. PANURTA, WALAKAS.
b. GINEM
Midhanget pawartos bilih putra pulunan Beg. MANUMAYASA sajak mbalela dene dangu tan seba lan kathah ratu-ratu manca kang sami meguru nanging R. BASUKESTHI mboten pitados. Sang nata meksa utusan patih kinen dhawuh dhateng Pr. KALA KARAMBA supados nimbali. Bidhal.

2. PRINGGODANI
a. WAYANG
Prb. KARUMBA putra R. RAMBANA, Pth. KALAMANGKARA, KALA PULAWA, KALA PUNDHENTA , Patih JATIKANDHA
b. GINEM
Prb. KARUMBA putra R. RAMBANA, Pth. KALAMANGKARA, KALA PULAWA, KALA PUNDHENTA nampi Patih JATIKANDHA kinen nimbali MANUMAYASA sang YAKSENDRA utusan wadya, bidhal.

3. MERTAWU
a. WAYANG
MANUMAYASA, JANGGANSMARASANTA (SEMAR) putut SUPALAWA (kethek)
b. GINEM
Sang nata angsala pandakwa bilih kininten badhe jumeneng nata. MANUMAYASA sadhe neng Pamelengan. PUTHUT jagi wasana mengsah dhateng GAGAL.
Wadya danawa mundur badhe nyegat neng wana mbok menawi MANUMAYASA lelenggar.
4. PAMELENGAN
a. WAYANG
MANUMAYASA, ASMARASANTA, GARENG, PETRUK, SUPALA
b. GINEM
Nampi ature SUPALA sang wiku badhe lelana, bidhal perang sekar. MANUMAYASA laju kondur malih badhe semedi.

5. KAHYANGAN
a. WAYANG
GURU, NARADA, RETNAWATI, KANASTRI
b. GINEM
GURU, NARADHA badhe maringi jodho dhateng MANUMAYASA dewi RETNAWATI lan KANASTRI dadosa jodhonipun SEMAR (ASMASANTA). Widadari kekalih kadadosaken sima pethak gya katurunaken dhateng NGARCAPADA.

6. SAPTARGA
a. WAYANG
MANUMAYASA, SEMAR, GARENG, PETRUK. WIDADARI
b. GINEM
MANUMAYASA lan SEMAR, GARENG, PETRUK. Sabibare semedi angsal wangsit kinen lelana dhateng sabin, bidhal. Dumugi ing sabin lan tetegalan kepapag sima pethak gya jinemparing babar widadari ksb laju lumampah kesah. Sang wiku gandrung karawuhan NARADA widadari tinimbalan gya kadhaupaken.

7. PRINGGADANI
KARUMBA nampi waduling wadya laju arsa munjuk neng WIRATHA.

8. WIRATHA
a. WAYANG
BASUMURTI, KARUMBA, JATIKANDHA
b. GINEM
BASUMURTI nampi KARUMBA munjuk bilih wadya PRINGGADANI pinarjaya dening MANUMAYASA. KARUMBA kinen lumurug. JATIKANDHA ngawat-awati lan wineling, MENAWI tan kersa tinimbalan sang nata badhe sowan, bidhal.

9. MANUMAYASA lan garwa RETNAWATI, SEMAR-KANASTRI badhe ngubengi redi wusana RETNAWATI pirsa wit sumarwana (saged baobot yen didhahar). Kepingin nedha gya pinethik kadhahar, wusana kang tenggi GANDARWA Satrutapa ing sedya badhe kasukakaken bojonipun supados saged peputra sareng makaten sang satrutapa nedya manunggal ing RETNAWATI lan wineling supados ganti nama dewi SUMARWANA lan putrane tinengerana SAKUTREM. KARUMBA nempuh prang. KARUMBA pejah de MANUMAYASA.
JATIKANDHA dhateng dhawauhaken tinimbalan nata. MANUMAYASA gya sowan.

10. WIRATHA
BASUMURTI nampi MANUMAYASA matur sedyanipun namung badhe ngudi garwa widadari lan turunipun. Tancep kayon.

LAKON WAYANG KURUPATI DHAUP VERSI JOMBOR

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. NGASTINA
a. WAYAN
KURUPATI, DRUNA, SAKUNI
b. GINEM
Sang nata rumaos ing panggalih dene Gajah Putih srati putri sampun angsal, BANOWATI sumados. RUKMARATA sowan. BANUWATI sagah nanging nyuwun patah jalu bagus lan maesi. Putri ayu, sinagahan. SAKUNI madosi PAMADI

2. TASIKMADU
a. WAYANG
Prb. PARTASUDARMA, Pth. JAYASUDARMA, Tmg. DARMAJAYA.
b. GINEM
Penglamare BANUWATI tan tinampi. Sedya nata badhe kadhusta. Bidhal den awat-awati wadya. GAGAL.

3. WANA
a. WAYANG
PAMADI, PUNAKAWAN, BUTA, SAKUNI
b. GINEM
PAMADI lan PANAKAWAN sisah dene GAJAH Putih rinebat KURAWA. Prang Buta.
SAKUNI dhateng ngaturaken kersane KURUPATI. PAMADI sagah. Bidhal. (MURDANINGSIH kapundhut).

4. NGASTINA
KURUPATI, DURNA, lan rayi badhe ipe JAYADRATA dhatenge PAMADI laju bidhal ngarak.


5. BANJARPATOMAN
a. WAYANG
NARAYANA, BRATAJAYA, SETYAKI, BURISRAWA.
b. GINEM
Nampi timbalane BALADEWA kinen nusul mring MANDARAKA, bidhal. Lampahe dumugi ing kitha MANDARAKA, BRATAJAYA lumampah rumiyin kepapag BURISRAWA. BURISRAWA gandrung laju mburu BRATAJAYA.
BURISRAWA dipun elikaken SETYAKI sulayaning rembag dados songkolan BURISRAWA dipun but kaliyan NARAYANA. BURISRAWA lumajar. NARAYANA sakadang madosi raka.

6. PAMONDHOKAN
BALADEWA nampi ature rayi lan pamit mantuk linilan. BURISRAWA wadul laju tinilar kesah

7. PANDHAPI MANDARAKA
SALYA, PANDHAWA nampi KURUPATI lan PAMADI, DURSILAWATI laju kadhawuhan dandosi.

8. SETYAWATI lan ERAWATI, SURTIKANTHI, BANOWATI lenggana yen dhaup KURUPATI laju tinilar para kadang lan ibu. PAMADI dhateng badhe maesi. BANUWATI purun nanging namung garwa lair, batin garwa PAMADI sinagahan laju dhaupan. BANUWATI tan kersa yen pinondhong KURUPATI laju karapu PAMADI lan DURSILAWATI. Sareng BANUWATI tilem, KURUPATI kinen tunggil nendra. DURSILAWATI pondhongan lan PAMADI. Lampahe BANUWATI sareng wungu mulat kang tunggil sare KURUPATI laju medal saking kamar sinaut Pr. PARTASUDARMA. KURUPATI jerit alok madosi PAMADI.

9. PAMADI lan DURSILAWATI gebangan. PAMADI mireng alok maling badhe medal. JAYADRATA ing batos wiwit bidhal sampuni panas dhateng PAMADI wusana PAMADI ginoco gada semaput. DURSALA ngrungkepi, KURUPATI dhateng komplit para kadang. JAYADRATA rinapu KURUPATI, PAMADI kinen nututi malinge bidhal.

10. CANDHAKAN
PARTASUDARMA mbekta BANUWATI finoco PAMADI. Duratmaa pinarjaya BANUWATI katur KURUPATI. Amuk-amukan wadya TASIKMADU.

LAKON WAYANG IRAWAN RABI VERSI JOMBOR

Jumat, 17 September 2010

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.'


1. DWARAWATI
a. WAYANG :
KRESNA, SAMBA, SETYAKI, BALADEWA.
b. GINEM :
BALADEWA nglamar SITI SARI badhe kadhaupalem kaliyan LESMANA. SITI SARI sampun badhe kadhaupaken kaliyan IRAWAN kersane BALADEWA kedah den udhari rembug saking MADUKARA. SAMBA kautus maringaken dhateng MADUKARA. BALADEWA mundur badhe mboyong LESMANA. Bibaran.

2. JONGBIRAJI
a. WAYANG
Prabu BARANJONO , Emban KALAWARTI, Patih KALIMINGKALPA
b. GINEM
Sang nata gandrung SITI SARI. Emban saha Patih kautus mlebet mdhusta. Bidhal, den awat-awati. GAGAL.

3. MAMENANG
BIMA utusan GATHUTKACA kinen methuk IRAWAN.

4. JOSORATA
a. WAYANG
Beg. JOYOWILUPA, IRAWAN, PUNAKAWAN
b. GINEM
IRAWAN nyuwun pangestu badhe panakrama. Mundur Prang SEKAR.

5. MADUKARA
a. WAYANG
JANAKA, SEMBADRA, SRI KANDHI, ULUPPI, RARASATRI, SAMBA.

b. GINEM
SAMBA ngaturaken serat winaos PARTA duka. Kaedhem, SAMBA pamit.
Pawongan kadhawuhan nimbali ABIMANYU lan SITI SUNDARI, sami sowan dinangu bab katresna lan manut boten dhateng tiyang sepuh? Wasana SITI SUNDARI kinen mantuk mring DWARAWATI. BIMANYU semaput laju kagotong.
IRAWAN dhateng laju kinen nututi SITI SUNDARI saha meling supados nyuwun rangka cendana kang kendhit sari. IRAWAN nututi lan GATHUTKACA wus kepanggih SITISUNDARI dupi nampi aturipun IRAWAN laju lejar ing penggalih gya bidhal. IRAWAN GATHUTKACA kinen lumebet ing taman.

6. NGASTINA
SUYUDANA, DRUNA, SENGKUNI sowan KURAWA gyaa ngarak.

7. DWARAWATI
a. WAYANG
KRESNA, SETYAKI, SAMBA, SITI SUNDARI
b. GINEM
SAMBA ngaturaken sampun kantur PARTA.
SITI SUNDARI sowan saha matur bilih dipun pegataken saha paring wangsulan saged bekta Rangka, SITI SUNDARI kinen lumebet.

8. JEMBAWATI, ROHINI, SETYABOMA, SITI SARI, SITI SUNDARI dhateng keng rayi laju kakanthi lumebet ing taman wasana dipun wedeni PETRUK. SITI SARI badhe ngrangkul SITI SUNDARI klentu IRAWAN pondhongan lampahe denawa kang badhe nyolong SITI SARI, GATHUTKACA kinen mantuk rumiyin dene SITI SUNDARI badhe wadul

9. KRESNA nampi LESMANA, BALADEWA, KURAWA, SITI SUNDARI matur bilih SITI SARI kabekta buta nanging kang satunggal wus pinejahan Juru Taman. BALADEWA nyatakaken, SENGKUNI dakwa GATHUTKACA. Nglurug. KRESNA nganti SITI SENDARI nungka.

10. NGAMARTA
a. WAYANG
PANDHAWA pepak, IRAWAN, GATHUTKACA, SITI SARI, BALADEWA, KRESNA, ABIMANYU.
b. GINEM
PANDHAWA pepak, IRAWAN, GATHUTKACA, SITI SARI dhateng. BIMA kang nadhahi nebsuning BALADEWA, wasana BALADEWA dhateng sulayaning rembag dados perang. BALADEWA binuwang.
KRESNA badhe ngamuk ngasta cakra. ABIMANYU mrepegi nembe taken tinaken, KREESNA sinikep JANAA, KRESNA lilih.

AMUK-AMUKAN BUTA

LAKON WAYANG GATHUTKACA RABI BATIN VERSI JOMBOR

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. DWARAWATI
a. WAYANG :
KRESNA, SAMBA, SETYAKI
b. GINEM :
Sri nata badhe mertinjo mring Ngamarta. Bibaran

2. METHAPRALAYA
a. WAYANG
Prabu ADIRATA (RADIA) lan Garwa Dewi NADA, Pr. JAYAWASESA
b. GINEM
Nampi sowanipun nata ing KAPILAWASTU Prabu JAYAWASESA perlu nglamar. SURYAWATI nyuwun panatas mawa cahya. Sang JAYAWASESA badhe madosi. Bidhal. GAGAL.

3. WANA
a. WAYANG
JANAKA, KRESNA, PUNAKAWAN.
b. GINEM
JANAKA madosi GATHUTKACA. Prang SEKAR. JANAKA pinanggih lan KRESNA, kakanthi kondur.

4. KAHYANGAN
a. WAYANG
GURU, NARADA
b. GIENEM
Gara-gara aut GATHUTKACA tapa ing GUWASILUMAN, DEWA kinen jugaraken.



5. GUWASILUMAN
a. WAYANG
GATHUTKACA, DEWA, DEWA RUCI
b. GINEM
GARTHUTKACA prang dewa kasor.
DEWARUCI rawuh dinangu atu bilih badhe madosi nikmatin batin. Suksmane GATHUTKACA kakanthi mring GIRI SINAR, Raga tinilar.

6. NGAMARTA
a. WAYANG
PANDHAWA pepak, KRESNA
b. GINEM
GATHUTKACA kesah. Kresna rawuh mring METHAPLAYA awit dawuhing ABIASA kinen mupu sayembara mring METHAPLAYA pados penatas. JANAKA kautus bidhal mring GIRI SINAR.
Lampahe KRESNA, BIMA kapanggih guwa den lebeti pinanggih GATHUTKACA sedeng gerah laju dipun gendhong BIMA mring METHAPLAYA.

7. GIRI SINAR
a. WAYANG
SURYA lan Dewi SURYAWATI, DEWA RUCI, GATHUTKACA
b. GINEM
SURYA lan Dewi SURYAWATI (Suksma) rawuhe DEWARUCI dhaupaken GATHUTKACA lan SURYAWATI (Carem asmara cipta). JANAKA sowan nyuwun penatas laju dipun prepegi GATHUTKACA kakanthi kondur tan purun. Retna SURYAWATI dipun rangkut JANAKA kabekta mlajar. Oyak-oyakan.

8. METHAPLAYA
a. WAYANG
RADIA, KRESNA, GATHUKACA, BIMA, SURYAWATI
b. GINEM
RADIA dhatengipun KRESNA lan GATHUTKACA sakit dipun gendhong BIMA perlu nglamar laju badhe kadhaupaken sakit sami sakit. Wasana lampahe JANAKA mbekta DEWA SURYAWTI kacemplungaken raganipun GATHUTKACA ugi lajeng mlebet ing raganipun sami waluya. GATHUTKACA badhe kadhaupaken tan kersa.

9. AMUK-AMUKAN

LAKON WAYANG GATHUTKACA MALING VERSI JOMBOR

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. NGASTINA
a. WAYANG:
SUYUDANA, DRUNA, SAKUNI, KARNA,LESMANA
b. GINEM
LEMANA nyuwun dhaup PREGIWA mangka sampun kapacagaken kaliiyan GATHUTKACA. DRUNA sagah ngrimuk dhateng MADUKARA. Bibaran.

2. BUTA gadrung utusan, Gagal

3. SAPTARGA
a. WAYANG
ABIASA, ABIMANYU, PUNAKAWAN
b. GINEM
ABIASA , ABIMANYU nyuwunaken angestu temanten gya mundur lan Punakawan SEKAR.

4. MADUKARA
a. WAYANG
JANAKA lan Garwa-garwa, DRUNA, SAKUNI, ABIMANYU.
b. GINEM
JANAKA lan Garwa-garwa, DRUNA lan SAKUNI dhateng laju namakaken mantranipun. JANAKA laju sagah murungaken dhateng MEMAENANG, DRUNA badhe medhet LESMANA. BIMANYU embe dhateng trus kautus mring MAMENANG

5. MAMENANG
a. WAYANG
BIMA, ARIMBI, GATHUTKACA, BMANYU
b. GINEM
BIMA, ARIMBI, GATHUTKACA. BMANYU dhateng murungaken temanten, laju mundur.
BIMA nebsu ngrisak tarup. GATHUTKACA diujar-ujari laju kesah ing sedya badhe nglalu wasana kepanggih KRESNA. KRESNA dangu, GATHUTKACA matur. KRESNA laju dhawuh “yen aku dhisik seneng putri yen dilamar ora aweh tak colong”. GATHUTKACA laju mesat nedya mring MADUKARA. KRESNA nututi.

6. NGASTINA
a. WAYANG
SUYUDANA, DURNA, SENGKUNI, LESMANA
b. GINEM
SUYUDANA DURNA matur badhe mboyong temanten pun LESMANA. Bidhal.

7. KARADEN AYON
a. WAYANG
PERGIWA, GATHUTKACA, PARKAN
b. GINEM
PREGIWA, GATHTKACA dhateng gebangan, parkan wadul

8. PENDHAPI
a. WAYANG
JANAKA, DURNA, LESMANA, KURAWA, PARKAN, putra-putra MADUKARA
b. GINEM
JANAKA nampi DURNA lan LESMANA KURAWA, Parkan wadul, KURAWA boten trimah.
Putra-putra MADUKARA kinen nyepeng: para Putra menawi nyelaki patengganipun PREGIWA GATHUTKACA nggereng-nggereng sami ajrih, KURAWA sami injen-injen GATHUTKACA nggereng KURAWA mlajar. JANAKA duka tan saronto GATHUTKACA laju dipun lebeti ing kamar GATHUTKACA trus badhe dipun ranjap neng alun-alun.
PETRUK wadul BIMA. BIMA laju mring MADUKARA dumugi alun-alun sumerep yen AGTHUTKACA sampun dipun banda laju den udhari. BIMA nggentosi. Sareng KURAWA badhe ngranjap dipun dhupaki. JANAKA sareng sumereo BIMA dhateng trus kesah madosi GATHUTKACA. BIMA nututi. GATHUTKACA badhe kapejahi JANAKA, BIMA tan angsal, angsal nanging PREGIWA kedah dipun pateni, sami pabenan KRESNA dhateng laju sami dipun dangu sami mantep JANAKA trimah. BIMA mundhut tukon KALANADHAH, JANAKA ngaturaken dhaupan. Amuk-amukan Buta lan KURAWA.

LAKON WAYANG GAJAH PUTIH VERSI JOMBOR

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.

1. NGASTINA
a. WAYANG :
KURUPATI, DURNA, SAKUNI.
b. GINEM :
Anggenipun badhe krama tansah gagal-gagal kemawon. Namung kantun sepisan malih wasana RUKMARATA sowan prelune ngaturi pirsa bilih BANOWATI nyuwun gungan temanten priya sageda nitih gajah Putih srati putri, malah kangge sayembara.
Sinagahan, utusan KURAWA.

2. MANGGAPURA
a. WAYANG
Pr. JAYAPRADANA lan rayi TASIK MADU, Prb. JAYASUPARTA.
b. GINEM
GINEM sang nata kedana MURDANINGSIH utusan wadya bidhal. GAGAL.

3. ALAS
a. WAYANG
PAMADI, PUNAKAWAN
b. GINEM
PAMADI sisah awit BANOWATI badhe dhaup kaliyan KURUPATI nanging mawi sayembara GAJAH PUTIH srati Putri. PAMADI badhe pados. SEKAR.

4. MANGGAPURA
Sang nata nampi wadul gya lumurug.



5. NGAMBAWAPURA
a. WAYANG
Pr. DARMASARANA Pth. DARMAPRAWATA, Prb. JAYAPRADANA lan rayi, gajah putih, PAMADI, MURDANINGSIH
b. GINEM
Putra dewi MURDANINGSIH linamar para ratu 1000 praja. Prb. JAYAPRADANA lan rayine dhateng nglamar sang nata dhawuh kinen nyepeng Gajah seta neng alun-alun awit punika klangenane URDANINGSIH. Sareng MURDANINGSIH linamar lajeng ucul. JAYAPRADANA gya nyepeng tan saged, PAMADI lampahe dugi mriku lajeng nyepeng GAJAH PUTIH manut gya katur DARMASARANA. Laju kadhaupaken llan MURDANINGSIH.

6. KEDHATON
a. WAYANG
CANGIK, LIMBUK.
b. GINEM
Garwa nata (garwa enem) dewi CLEKUTAMA (cangik) lan ptra GABAH GINEBAK (MURDANINGKUNG/LIMBUK), sareng semerep PAMADI kedana kesane CLEKUTAMA badhe den paeka

7. PAMADI nembe sare lan MURDANINGSIH laju kagotong dening CLEKUTAMA pinejahan trus binuang neng sumur mati. GABAH GINEBAK laju tunggil nendra lanm PAMADI wungu mulat trus lumajar binuru lan MURDANINGKUNG. PAMADI trus lumajar dumugi sumur pejah wau. GAJAH PUTIH wus nangis sapinggiring sumur. PAMADI kaked nangis ugi luipun GAJAH netesi MURDANINGSIH laju gesang gya pinendhet de sang GAJAH dinangu PAMADI tan uninga. GAKAH kang ngertos laju samu munjuk sang nata, sang ata duka gya ngunus dhuwung badhe mejahi CLEKUTAMA wasana CLEKUTAMA pasang pangasihan sang nata tan sagedduka malah pondhongan areng emut gya lumajar pasrah PAMADI tn wani SEMAR dhawuh PETRUK gya tinaandangan CLEKUTAMA kasoran ngedalaken Jim KLUNTHUNGWALUH. PETRUK ugi ngedalaken Jim KENDHO prang Jim KLUNTHUNGWALUH kawon CLEKUTAMA laju jiniret gulune pejah de SEMAR lan binuwang neng Kali.

8. KURAWA, GAJAH lan putri kabandhangaken. PAMADI laju kesah malih.

9. MANDURA
KURUPATI nampi gajah lan putri gya ngarak.

10. MANDARAKA
a. WAYANG
SALYA, PUNTADEWA, SENA, KURUPATI, BANOWATI, JAYAPRADANA
b. GINEM
KURUPATI dhateng badhe kadhaupaken. BANOWATI tan purun sagah yen dipun paesi satria tanpa cacad baguse. KURUPATI mundur.
AMUK-AMUKAN JAYAPRADANA

LAKON WAYANG DURSASANA KRAMA VERSI JOMBOR

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. NGASTINA
a. WAYANG
DURYUDANA, DURNA, SAKUNI
b. GINEM
DURSASANA ical utusan KARNA madosi bidhal.

2. TASIKMADU
a. WAYANG
Prb. MAYASADANA, rayi R. JAYAWIRATA, Pth. BAUWARNA, Tmg. JAYAPREWITA manggihi tamu saking LIMAJANGSETA Pth. SELARUGITA, Tmg SELA ANCALA.
b. GINEM
kautus ratune Prb. SELAKUNJANA yen saged ngasoraken R. JAYAWIRATA sang Patih muntap gya pinupu. GAGAL.
Pth. SELARUGITA kasor, mundur.

3. LUMAJANG SETA
Prb. SELAKUNJARA nampi wadule patih gya nglurug bidhal.

4. MADUKARA
a. WAYANG
JANAKA lan garwa PUNAKAWAN, druna
b. GINEM
badhe sowan mring NGAMARTA kasaru DRUNA dhateng pasrah sirnaning DURSASANA. PARTA sagah, bidhal. SEKAR.

5. GUWADUMUNG.
a. WAYANG
Beg. DITYA BUJONGGO lan putra Endang PUJOSARI, PERMADI.

b. GINEM
Endang PUJOSARI supena dhaup JANAKA. Wasana PARTA dhateng taken dununge DURSASANA winarah neng kali SILIGANGGA (dhaupan) lan pinaringan lisah pranawa minongko nyumurpi DURSASANA, bidhal lan garwa. PARTA ugi kinen dhaupaken DURSASANA kaliyan putri TASIKMADU.

6. SILUGANGGA
a. WAYANG
DURSASANA, PARTA
b. GINEM
DURSASANA tapa kungkum wus tan ana kang weruh. PARTA dhateng laju den entasaken kakanthi mring TASIMADU. Bidhal.

7. TASIKMADU
a. WAYANG
PARTA, DURSASABA, MAYANGSIH
b. GINEM
PARTA mupu saged unggul gya dhaupan DURSASANA lan MAYANGSIH. Trus kondur.

8. NGAMARTA
a. WAYANG
DARMA KUSUMA, KEMBAR, SENA
b. GINEM
SENA den utus madosi PARTA awit dipun sraya DRUNA. Penggilahane sang nata tan rena SENA bidhal.

9. NGASTINA
a. WAYANG
DURYUDANA, DURSASANA, PARTA, Prb. SELAKUNJANA
.
b. GINEM
DURYUDANA nampi DURSASANA lan PARTA. Prb. SELAKUNJANA nempuh prang. PARTA binuncang sinaut sang SENA. SENA gya biyantu. AMUK-AMUKAN.

LAKON WAYANG DURGANDANA KRAMA VERSI JOMBOR

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. WIRATHA
a. WAYANG :
Prb. BASUKETHI (BASUPARICA, putra R. MATOYA (DURGANDANA), Pth. WASITA, Ar. SRIMAHADEWA, MEDADARMA
b. GINEM :
Panglamaring dewi REKATHAWATI dereng antuk katrangan. ABIASA lan SETA sowan perlu ngaturaken bilih SUGANDA nglamar, Malah laju kasuwun badhe trus kadhaaupaken linilan, bidhal.

2. HANGGASTINA
a. WAYANG
Prb. GAJAHASURA (Buta rai buta), dewi HASTIPRABA, Pth. WISTAKASUSRA
b. GINEM
Panglamare dhateng GUWASEGALA dewi JANCINI putra KANDILAWA tan antuk katrangan laju utusan wadya. Bidhal.

3. GUWASEGALA
a. WAYANG
Beg. KADNILAWA (buta) putra KANDINI.
b. GINEM
Bab panglamare GAJAHSURA sang retna tan karsa wasana utusan dhateng winangsulan kinen tengga rumiyin. Para buta sami tengga neng jawi, sang wiku arsa pados sraya.

4. WANA
a. WAYANG
WYASA, SUGANDAM, SETA, PUNAKAWAN
b. GINEM
Lampahe WYASA lan SUGANDA, SETA, PANAKAWAN nembe dumugi wana dipun sraya dening sang KANDHILAWA sinagahan. Danawa-danawa HANGGASTINA pinarjaya. KANDHINI kadhaupaken R. SETANA laju kondur garwa kakanthi.

5. HANGGASTINA
a. WAYANG
GAJAKSURA, HASTIPRABA, HASTIPRABA
b. GINEM
GAJAKSUR, HASTIPRABA nampi wadul HASTIPRABA sagah ngrisak ASTINA sarana wadyane para Satowana. GAJAHSURA lan patih badhe maeka dhateng ASTINA bidhal.
GAJAKSURA bidhal lan patih HASTIPRABA dereng bidhal.

6. ASTINA
a. WAYANG
Prb. DIPAKSUWARA (PARASARA), SUGANDA, WIYASA, SETA, KANDINI. BIMAKENCA, KENCAKA, RUPAKENCA, RAJAMALA GAJAKSURA.
b. GINEM
Prb. DIPAKSUWARA (PARASARA) nampi SUGANDA lan WIYASA. SETA, KANDINI. SUGANDA laju dhaupan. Wasana geger ing jawi GAJAKSASURA soroha muk. SETA mapag pinarjaya, BIMAKENCA ugi pinarjaya. KENCAKA lan RUPAKENCA, RAJAMALA matur rama. GAJAKSURA silih warni SETA patihe silih BIMAKENCA.

7. PARASARA nampi ature putra-putra bilih SETA lan BIMAKENCA pejah wasana kang memba warni dhateng badhe nyuwun KANDHINI. PARASARA wus tan pangling gya pinarwasa babar GAJAKSURA pinarjaya dening Prb. PARASARA. Patihe mantuk

8. KADHINI babaran mijil kakung tinengeran NIRBITA, REKATAWATI babar tinengern SETA.

9. HASTIPRABA
nampi wadul nglurug abala kewan. Kewan-kewan pejah dening putra ASTINA, KALA HANTU ( yen HASTIPRABU tiwikrama) ngamuk Beg. KANDIAWA kang badhe tuwe ring ASTINA kauntal ugi PARASARA mengsah KALA HANTU kakar lan teluk. AMUK-AMUKAN.

LAKON WAYANG ALAP-ALAPAN ULUPI VERSI JOMBOR

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. NGASTINA
a. WAYANG :
SUYUDANA, DRUNO, SAKUNI.
b. GINEM :
Badhe ngrabekaken DURSASANA, KURAWA kadhawuhan mupu sayembara dhateng JOSOROTO. Bidhal.

2. TUNGGULMALAYA
Pr. DEWASRANI kedanan ULUPI utusan wadya. Gagal.

3. COKROKEMBANG
a. WAYANG
KAMAJAYA, PARTA, PUNAKAWAN
b. GINEM
KAMAJAYA nampi sowanipun PARTA lan PUNAKAWAN. JANAKA sanget sisah dene gagal anggenipun badhe manakrama ANGGRAHINI tinuduhan mupu sayembara MANDURA. SEKAR.

4. NGAMARTA
a. WAYANG :
D. KUSUMA, KRESNA, BIMO, KEBAR.
b. GINEM :
Sirnaning PARTA gya madosi ring JOSOROTO.

5. JOSOROTO
a. WAYANG
Beg. KAMO, ONTOSENA
b. GINEM
Beg. KANO lan siswa ONTOSENA, KURAWA mupu kasoran. JANAKA mupu, ONTOSENA badhe pinarjoyo, BIMO, KRESNA nyapih laju dhaupan, trus boyongan.

6. NGASTINA nampi wadul nglurug.

7. TUNGGULAMALAYA Nglurug.

AMUK-AMUKAN

LAKON WAYANG ALAP-ALAPAN SURTIKANTHI VERSI JOMBOR

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. NGASTINA
a. WAYANG
KURUPATI, DRUNA, SAKUNI.
b. GINEM
Anggenipun nglamar dhateng MANDARAKA pinarengaken nanging SURTIKANTHI mundhut pamaes sing bagus. SAKUNI kautus mring NGAMARTA.

2. NGAWANGGA
PUJANGGAKARNA, gandrung SURTIKANTHI utusan gagal.

3. NGAMARTA
a. WAYANG
PUNTADEWA, BIMA, PAMADI, KEMBAR
b. GINEM
Nampi timbalanipun SALYA, SAKUNI dhateng mundhut PAMADI sinagahan bidhal. Perang SEKAR.

4. METHAPRALAYA
a. WAYANG
ADHIRATA, dewi NADHA, SURYAWATU, SURYATMAJA
b. GINEM
Sang nata dukani SURYATMAJA dene anggenipun tansah kesah, wusana SURYATMAJA tinundhung awit dinangu anggenipun labet gelang dhateng MANDARAKA.

5. NGASTINA
Dhatengipun PAMADI, ngarak


6. MANDARAKA
a. WAYANG
SALYA, PUNTADEWA, BALADEWA, BIMA SENO, KURUPATI, PAMADI, BANOWATI, SURTIKANTHI, SURYATMAJA
b. GINEM
SALYA, PUNTADEWA, BALADEWA, BRATASENA
KURUPATI ngaturaken PAMADI laju kadhawuhan maesi. Lumebet lampahe PAMADI cinegat, BANOWATI dakwa bilih PPAMADI nggebang SURTIKANDHI. PAMADI lenggana wasana SURYATMAJA langkung mawi kemul pedhut. PAMADI nututi.

7. SURTIKANTHI kadhatengan SURYATMAJA. PREMADI lumebet. SURYATMAJA dhelik ing busana, mas-masan. PAMADI api-api nyambut. SURYATMAJA pindhah (rambah-rambah blak NARAYANA maling). SURYATMAJA oncat binuru SUYATMAJA ngedalaken pengabaran SIMA, ULA, kinembari PAMADI ngedalaken Bantheng, Garudha. SURYATMAJA dados dara, PAMADI dados Alap-alap. SURYATMAJA judheg namung lumajar umpetan. SURTIKANDHI sumelang laju akal nyuweki busana wadul BALADEWA bilih rimudha PAMADI. BALADEWA nesu, PAMADI nembe ngoyak maling jinambak dipun pala. BANOWATI ugi wadul BRATASENA, nesu. BALADEWA den pala. PAMADI kagendhong BANOWATI sareng dipun adili BALADEWA lepat namung PAMADI kinen nututi.

8. METHAPRALAYA

a. WAYANG
b. GINEM
ADIRATA lan GARWA, SURYAWATI. PAMADI dhateng tinarka SURYATMAJA perlune kondur badhe nganthi SURYAWATI kangge patah linilan. SURYATMAJA dhateng dinangu matur, sareng winedhar bilih SURYAWATI kabegta lare SURYATMAJAnututi perang malih lan PAMADI prang keris. SURYATMAJA kenging kesrempet sirahe trus linegandhang. NARADA rawuh lajeng waleh yen taksih kadang laju kinen ngreka murih sagedipun dhaup lan bedhaha NGAWANGGA, bidhal.

9. NGAWANGGA
PUJANGGAKARNA pinejahan PAMADI, SURYATMAJA gya manunggal. PAMADI ngrumiyini lampah.

10. MANDARAKA pepak. PAMADI matur bilih kang dhusta SURYATMAJA. DANAWA dhateng prang babarbabare de PAMADI dhaupan KURUPATI kapacangaken BANOWATI.

LAKON WAYANG ALAP-ALAPAN SUGATAWATI VERSI JOMOBOR

Minggu, 12 September 2010

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. DWARAWATI
a. WAYANG :
KRESNA, SETYAKA, SETYAKI, BALADEWA
b. GINEM
BALADEWA tuwe temantenipun SAMBA kang dhaup kaliyan SUGATAWATI. KRESNA matur bilih SAMBA radi sisah jalaran SUGATAWATI sirna. SAMBA tinimbalan mangarsa dinangu matur bilih icalipun wanci dalu kang ndusta Denawa saged ngambah jumantara. BALADEWA trus dakwa kang kenane GATHUTKACA. Laju utusan ngaturaken serat mring NGAMARTA. SETYAKI bidhal.

2. JAJARSEWU
a. WAYANG
PRABU SUMILIH, Patih SUBRASTHA.
b. GINEM
Sri Nata ngajeng-ajeng KALA WREJAN SULANJAMI kang dustha SUGATAWATI. Utusan wadya kinen methuk, bidhal. GAGAL.

3. SAPTAHARGA.
a. WAYANG
ABIASA, ABIMANYU, PUNAKAWAN
b. GINEM
ABIASA nampi sowanipun ABIMANYU lan PUNAKAWA. Anjarwakaken gerahipun GATHUTKACA kang madal usada. Winedar bilih waluyanipun saking daya kang tan kanyana-nyana, mundur. SEKAR.

4. NGAMARTA
a. WAYANG
PANDHAWA pepak, ABIMANYU, R. SETYAKI
b. GINEM
ABIMANYU dhateng, matur bab ragane GATHUTKACA.
SETYAKI ngaturaken nawala saha SAMBA, dupi nawala dipun waos, BIMA laju kesah. Sadaya nututi

5. PRINGGONDANI
a. WAYANG
GATHUTKACA, BIMA, DARMAKUSUMA, JANAKA, SAMBA, ABIMANYU
b. GINEM
GATHUTKACA sakit. BIMA dhateng ndangu bab sirnaning SUGATAWATI, GATHUTKACA waleh yen boten. GATHUTKACA trus dipun pala. GATHUTKACA katundhung.
DARAMAKUSUMA, JANAKA, SAMBA, ABIMANYU dangu BIMA. Winangsulan GATHUTKACA katundhung. ABIMANYU kinen ngodol. SAMBA angsal wangsit kinen suwita mring JAJARSEWU.

6. CANDHAKAN
Lampahe GATHUTKACA kepapag KALAWREJANSULANJANI kang mbegta SUGATAWATI laju rinebat. Danawa pinothol bangke binuwng.
GATHUTKACA nembe jagongan kaliyan SUGATAWATI, ABIMANYU sumerep tan saranta ngunus dhuwung badhe mrejaya. GATHUTKACA oncat badhe pados margi meleh-melehaken. SUGATAWATI mlajar angsal wangsit kinen suwita mring JAJARSEWU. BIMANYU keduwung ugi angsal wangsit kinen suwita. Bidhal.

7. JAJAR SEWU
a. WAYANG
SUMILIH, GATHUTKACA, SAMBA, SUGATAWATI, ABIMANYU
b. GINEM
SUMILIH dawahing bangke. GATHUTKACA dhateng, SUMILIH pinarjaya. GATHUKACA gumantos dadi Ratu.
SAMBA suwita, SUGATAWATI suwita tinampi. ABIMANYU suwita den ujar-ujari laju mepak wadya. Nglurug.
8. DWARAWATI
a. WAYANG
KRESNA, BALADEWA, PANDHAWA
b. GINEM
KRESNA, BALADEWA dhatenging PANDHAWA katungka mengsah dhateng. AMUK-AMUKAN. SUMILIH lan BIMA babar GATHUTKACA.

LAKON WAYANG ALAP-ALAPAN SITI SUNDARI VERSI JOMBOR

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.

(WIJANARKO)

1. DWARAWATI
a. WAYANG
KRESNA, SAMBA, SETYAKI, BALADEWA.
b. GINEM
BALADEWA nglamar SITISUNDARI badhe kadhaupaken kaliyan LESMANA.
SITISUNDARI sakit, KRESNA mundhut TIRTA KAMANDANU minangka usada.
BALADEWA mundur, SAMBA kautus mring MADUKARA.

2. JONG MERU
a. WAYANG
Pr. KALA DRETAYUDA, Emb. RINI.
b. GINEM
Sang yaksendra gandrung SITISUNDARI, utusan wadya. GAGAL.

3. PURWAWARONO
a. WAYANG
Beg. PARTONO, WIJONARKO
b. GINEM
WIJONARKO tanya bapa. Tinuduh putra MADUKARA, laju bidhal lan PUNAKAWAN. Prang SEKAR.

4. MADUKARA
a. WAYANG
JANAKA lan para GARWA
b. GINEM
JANAKA, lan GARWA (ABIMANYU manggihi D. KUSUMA, BIMO, KEMBAR).
SAMBA ngaturaken bab pamundhutan sinagahan. SAMBA mundur, WIJANARKO sowan suwita, tinampi yen saged ngaturaken TIRTA KAMANDANU. WIJONARKO bidhal.

5. NGRENGGAGIRI
a. WAYANG
Beg. MANDROSA (MANDROSO) putra endang MANDRAWATI.
b. GINEM
Beg. MANDROSA (MANDROSO) putra endang MANDRAWATI ngimpi dhaup kalian bambang WIJONARKO. Sang wiku madosi WIJONARKO kepanggih. WIJANARKA rinudapeksa kinen manakrama MANDRAWATI laju sagah, sabibare dhaupan sang kusuma
6. TIRTAANCALA
7. NGASTINA
8. MADUKARA
9. DWARAWATI
10.
Diberdayakan oleh Blogger.

Mengenai Saya

Foto Saya
Oemah Wayang Klaten
Lihat profil lengkapku

Chat

Art & Artist Blogs - BlogCatalog Blog Directory


Kerjasama Bareng :

Kerjasama Bareng :


Blogger templates