Jadwal Kursus OW

Dalang Cilik : Hari Kamis, dan Sabtu jam 16.00 s/d selesai.
Dalang Dewasa : Hari Sabtu, jam 20.00 s/d selesai.
Kethoprak : Hari Kamis, jam 20.00 s/d selesai.

Salam Budaya,,

LAKON WAYANG MANUMAYASA KRAMA VEERSI JOMBOR

Sabtu, 18 September 2010

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. WIRATAHA
a. WAYANG
Prb. BASUMURTI, Putri INDRADI, garwa JATISWARA, putra R. BASUKESTHI, Pth. JATIKANDHA, Ary. PANURTA, WALAKAS.
b. GINEM
Midhanget pawartos bilih putra pulunan Beg. MANUMAYASA sajak mbalela dene dangu tan seba lan kathah ratu-ratu manca kang sami meguru nanging R. BASUKESTHI mboten pitados. Sang nata meksa utusan patih kinen dhawuh dhateng Pr. KALA KARAMBA supados nimbali. Bidhal.

2. PRINGGODANI
a. WAYANG
Prb. KARUMBA putra R. RAMBANA, Pth. KALAMANGKARA, KALA PULAWA, KALA PUNDHENTA , Patih JATIKANDHA
b. GINEM
Prb. KARUMBA putra R. RAMBANA, Pth. KALAMANGKARA, KALA PULAWA, KALA PUNDHENTA nampi Patih JATIKANDHA kinen nimbali MANUMAYASA sang YAKSENDRA utusan wadya, bidhal.

3. MERTAWU
a. WAYANG
MANUMAYASA, JANGGANSMARASANTA (SEMAR) putut SUPALAWA (kethek)
b. GINEM
Sang nata angsala pandakwa bilih kininten badhe jumeneng nata. MANUMAYASA sadhe neng Pamelengan. PUTHUT jagi wasana mengsah dhateng GAGAL.
Wadya danawa mundur badhe nyegat neng wana mbok menawi MANUMAYASA lelenggar.
4. PAMELENGAN
a. WAYANG
MANUMAYASA, ASMARASANTA, GARENG, PETRUK, SUPALA
b. GINEM
Nampi ature SUPALA sang wiku badhe lelana, bidhal perang sekar. MANUMAYASA laju kondur malih badhe semedi.

5. KAHYANGAN
a. WAYANG
GURU, NARADA, RETNAWATI, KANASTRI
b. GINEM
GURU, NARADHA badhe maringi jodho dhateng MANUMAYASA dewi RETNAWATI lan KANASTRI dadosa jodhonipun SEMAR (ASMASANTA). Widadari kekalih kadadosaken sima pethak gya katurunaken dhateng NGARCAPADA.

6. SAPTARGA
a. WAYANG
MANUMAYASA, SEMAR, GARENG, PETRUK. WIDADARI
b. GINEM
MANUMAYASA lan SEMAR, GARENG, PETRUK. Sabibare semedi angsal wangsit kinen lelana dhateng sabin, bidhal. Dumugi ing sabin lan tetegalan kepapag sima pethak gya jinemparing babar widadari ksb laju lumampah kesah. Sang wiku gandrung karawuhan NARADA widadari tinimbalan gya kadhaupaken.

7. PRINGGADANI
KARUMBA nampi waduling wadya laju arsa munjuk neng WIRATHA.

8. WIRATHA
a. WAYANG
BASUMURTI, KARUMBA, JATIKANDHA
b. GINEM
BASUMURTI nampi KARUMBA munjuk bilih wadya PRINGGADANI pinarjaya dening MANUMAYASA. KARUMBA kinen lumurug. JATIKANDHA ngawat-awati lan wineling, MENAWI tan kersa tinimbalan sang nata badhe sowan, bidhal.

9. MANUMAYASA lan garwa RETNAWATI, SEMAR-KANASTRI badhe ngubengi redi wusana RETNAWATI pirsa wit sumarwana (saged baobot yen didhahar). Kepingin nedha gya pinethik kadhahar, wusana kang tenggi GANDARWA Satrutapa ing sedya badhe kasukakaken bojonipun supados saged peputra sareng makaten sang satrutapa nedya manunggal ing RETNAWATI lan wineling supados ganti nama dewi SUMARWANA lan putrane tinengerana SAKUTREM. KARUMBA nempuh prang. KARUMBA pejah de MANUMAYASA.
JATIKANDHA dhateng dhawauhaken tinimbalan nata. MANUMAYASA gya sowan.

10. WIRATHA
BASUMURTI nampi MANUMAYASA matur sedyanipun namung badhe ngudi garwa widadari lan turunipun. Tancep kayon.

0 comments:

Posting Komentar

Blog Archive

Diberdayakan oleh Blogger.

Mengenai Saya

Foto Saya
Oemah Wayang Klaten
Lihat profil lengkapku

Chat

Art & Artist Blogs - BlogCatalog Blog Directory


Kerjasama Bareng :

Kerjasama Bareng :


Blogger templates