Jadwal Kursus OW

Dalang Cilik : Hari Kamis, dan Sabtu jam 16.00 s/d selesai.
Dalang Dewasa : Hari Sabtu, jam 20.00 s/d selesai.
Kethoprak : Hari Kamis, jam 20.00 s/d selesai.

Salam Budaya,,

LAKON WAYANG ONTOSENA KRAMA VERSI JOMBOR

Minggu, 19 September 2010

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.




1. NGASTINA
a. WAYANG
SUYUDANA, DRUNA, SAKUNI, KARNA.
b. GINEM
DURNA matur bilih anggenipun nglamar putri ing SUKADANA putrane Prabu SETYADARMA pun SULANDARI badhe kadhaupaken kaliyan ASWATAMA. Babak Unjal SETYAKUSUMA kautus Prabu SETYADARMA kinen ngaturaken pundhutan (1) Gajah Putih kang bisa guneman, (2) ratu sewu praja, (3) lelangen swarga. sinagahan. KARNA lan KURAWA pados pundhutan.

2. MANGUDIRETNA
a. WAYANG
Pr. JAYAMURTI, Pt. JAYAMINGKALPA
b. GINEM
Sang nata gandrung SULANDARI bidhal. Arsa sowan piyambak. GAGAL.

3. SAPTAPRATALA
a. WAYANG
ONTOBOGA, BINAYUM PUNAKAWAN
b. GINEM
ONTOBOGA nampi sowane ABIMANYU lan PONOKAWAN perlu nyuwun ngampil lelangen swarga kangge bawahan dhaupe ONTORJO, sinagahan mundur.

4. Barisan Pr. JAYAMURTI kepapag ABIMANYU sulayaning rembag dados prang. JAYAMURTI teluk laju sinagahan dening ABIMAYU badhe kaparingan lintu, nanging kinen ngarak temantene ONTORJA.


5. NGAMARTA
a. WAYANG
PANDHAWA PEPAK, ONTOREJA, GATHUTKACA, ABIMANYU, BUTA BODHO
b. GINEM
PANDHWA pepak, KRESNA, ONTORJA, GATHUTKACA, ABIMANYU ngaturaken bilih sampun sinagahan lan gajah putih srati buta bodho pun SETUBANDHA lan JAJAHWREKO (dhawuhe ONTOBOGA) GATHUTKACA kinen dhateng JURANGGRENJENG bidhal.

6. JURANGGRENJENG
a. WAYANG
SETUBANDA, JAJAH WREKSA, GATHUTKACA
b. GINEM
SETUBANDA lan JAJAH WREKA nampi sowane GATHUTKACA. GATHUTKACA matur sang wiku SETUBANDA katur minangka sarana dhaupe ONTORJA, SETUBANDA badhe boten purun regejegan wasana purun.

7. KARNA lan KURAWA mbegal GATHUTKCA,KURAWA kawon,

8. NGAMARTA
Ngarak ONTORJO

9. NGASTINA
SUYUDANA ampi wadul SAKUNI, DURNA laju ugi ngarak ASWATAMA.

10. SUKASADANA
a. WAYANG
SETYADARMA, SETYAKUSUMA, ANTAREJA, SULAMDARI, DURNA, ASWATAMA, TILUTAMA, SENA, NAGAGINI, ANANTABOGA

b. GINEM
SETYADARMA, SETYAKUSUMA. ONTORJA dhateng laju kadhaupaken kaliyan SULAMDARI.
DURNA ASWATAMA dhateng sulayaning rembag dados perang. ONTORJA lan ASWATAMA dipun du ben ASWATAMA kaseser. TILUTAMA dhateng biyatu ASWATAMA. TILUTAMA laju nusupi SULAMDARI ewah laju pamit ONTORJA menawi badhe tumut ASWATAMA trus kesah. ONTORJA semaput, BIMA bingung nimbali NAGAGINI dhateng pinasahan bab bab SULAMDARI. NAGAGINI wus uninga laju nututi SULAMDARI nembe dumugi ngajenge ASWATAMA lan TILUTAMA medal NAGAGINI manjing dhateng nggenipun SULAMDARI trus mlajar. TILUTAMA nututi SULAMDARI SULAMDARI dipun pasrahaken ONTORJA trus dipun pondhong. NAGAGINI mapagaken TILUTAMA dados prang. TILUTAMA kasor. DURNA mlajari (ngoyak-oyak) NGAGINI oncat dhelik. ONTOBOGA medal prang kaliyan DURNA, ONTOBOGA meh kasoran laju dados Ula. DURNA ajrih.

0 comments:

Posting Komentar

Blog Archive

Diberdayakan oleh Blogger.

Mengenai Saya

Foto Saya
Oemah Wayang Klaten
Lihat profil lengkapku

Chat

Art & Artist Blogs - BlogCatalog Blog Directory


Kerjasama Bareng :

Kerjasama Bareng :


Blogger templates