Jadwal Kursus OW

Dalang Cilik : Hari Kamis, dan Sabtu jam 16.00 s/d selesai.
Dalang Dewasa : Hari Sabtu, jam 20.00 s/d selesai.
Kethoprak : Hari Kamis, jam 20.00 s/d selesai.

Salam Budaya,,

LAKON WAYANG NARAYANA MALING VERSI JOMBOR

Sabtu, 18 September 2010

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.

1. NGESTINA
a. WAYANG :
KURUPATI, DRUNA, SAKUNI
b. GINEM :
DRUNA badhe monokrama RUKMINI. RUKMAROTO sowan matur ROHINI sagah kagarwa yen DURNA saged medharaken jatining jalu lan estri. Sinagahan gya bidhal.

2. DWRAKAWRESTI
KRESNA BUJONGGO gandrung ROHINI utusan yaksa bidhal. GAGAL.

3. BANJAR PATOMAN
a. WAYANG
NARAYANA, RARA IRENG, UDAWA
b. GINEM
RARAIRENG taken dhateng NARAYANA kesah kemawon wangsulan dolan kemawon. RARAIRENG den pamiti NARAYANA badhe jagong. RARA IRENG klayu, laju den pangku sinirep sang retna laju sare. NARAYANA raosan badhe dhusta pun ROHINI. UDAWA ngelikake. NARAYANA lajeng nyariosaken babakale DEWA anggenipun badhe KRAMA perlu kangge kekiyatan KURAWA, pramila badhe den alang-alangi bidhal, mawi banyol UDAWA badhe tumut jagong.

4. SAPTARGO
a. WAYANG
ABIASA, PREMADI, PUNAKAWAN
b. GINEM
PREMADI sisah awit tinilar jagong laju kadhawuhan nusul awit KUMBINA badhe wonten maling. PREMADI gya mundur prang SEKAR.

5. KUMBINA
a. WAYANG
BISMAKA, PANDHAWA, DURNA, KURUPATI, RUKMARATA
b. GINEM
BISMAKA (aria babra) nampi dhatenge PUNTADEWA, SENA ngrembag bab jatining kakung lan putri. KURUPATI dhateng ngarak DURNA laju kapurih medharaken bab jalu lan estri, DRUNA saged laju kadhawuhan lumebet kepanggih kalian ROHINI kairid RUKMOROTO.

6. ROHINI manggihi NARAYANA. NARAYANA nanting wus sami antepipun ROHINI kinen dhelik. NARAYANA dados ROHINI utawi DRUNA dipun sulap NARAYANA katingal ROHINI. DRUNA dhateng laju ngrangkul NARAYANA malih BRAHALA, DRUNA sumerep laju mlajeng.

7. PANDHAPI
a. WAYANG
Pepak para tamu, DRUNA
b. GINEM
DRUNA dhateng wadul KURAWA badhe nyepeng BRAHALA kang kadakkwa PAMADI. Wasana KURAWA kami gilanen sumerep BRAHALA kang dinakwa PAMADI. Wasana PAMADI dhateng laju kapurih nyepeng dipun awat-awati.

8. ROHINI pepanggihan lan NARAYANA katungka PAAMADI dhateng NARAYANA delik ing sengkang. PAMADI api-api badhe nyambut sengkang, NARAYANA pindhah enggen sengkang dipun caosaken dening ROHINI, tinampik, ngantos rambah-rambah NARAYANA dhelik ing busanane ROHINI. Wasana NARAYANA delik ing saka guru. PAMADI mulat saka den cepeng mawi aji Gumbala Geni. NARAYANA oncat den buru mawi banyol NARAYANA jagur wetenge KURUPATI. KURUPATI laju alok, PETRUK den sampluk laju PETRUK kapanggih KURUPATI banyolan.
NARAYANA kepepet laju malih Brahala sareng dumugi ngajenging PUNTADEWA laju namakaken mantra F. BRAHALA luluh babar NARAYANA tan saged mlayu. SENA mulat kirang sabar gya jangkung kasiliring bayu NARAYANA saged oncat. SENA den uman-uman PUNTADEWA. SENA laju noyak ngrisak taman kang kangge dhelik maling. KURUPATI nedha lintu. PUNTADEWA tan purun SENA nyelaki KURUPATI kesah ngantos bola-bali laju oyak-oyakan. NARAYANA lumumpat sinaut PAMADI. NARAYANA waleh sababipun bab anggenipun maling kangge jagi BRATAYUDA. PAMADI kinen muja sekar pudhak dados NARAYANA laju den pasrahaken KURUPATI. Bidhal. NARAYANA kembang tinampi KURAWA laju dipun buang ing BANDHONGAN. KURAWA ngrayah BANJARPATOMAN. PAMADI nututi badhe panggih RARAIRENG . (Dhawuhe NARAYANA kinen mring BANJARPATOMAN, mila PAMADI bidhal).

9. BANAJARPATOMAN
a. WAYANG
UDAWA, KURAWA, PAMADI, RARAIRENG
b. GINEM
UDAWA dhatengi KURAWA badhe ngrayah dados prang. KURAWA kawon PAMADI dateng dhawuh UDAWA kinen mring MANDURA munjuk BALADEWA bilih NARAYANA badhe dhaup. UDAWA budhal. PAMADI manggihi RARAIRENG mireng yen NARAYANA cinepeng. PAMADI laju den buang ugi neng BANDENGAN. RARAIRENG mring MANDURA. PAMADI laju wangsul.

10. Yaksa pinejahan NARAYANA nunggil raga gya nglurug.

11. BALADEWA nampi aturing RARAIRENG duka badhe nglurug. UDAWA dhateng munjuk malah den uman-uman. BALADEWA nglurug.

12. KUMBINA
a. WAYANG
PAMADI, NARAYANA, BALADEWA, SENA, KURUPATI


b. GINEM
Kedhatengan buta ngamuk sadaya kawon. PAMADI mangsah buta badhar NARAYANA laju kakanthi lumebet BALADEWA soroh amuk, SENA manggihi laju sami waleh. BALADEWA lerem kakanthi lumebet. KURUPATI tan triman ngamuk dhatenge keri saking PATOMAN. AMUK-AMUKAN

0 comments:

Posting Komentar

Blog Archive

Diberdayakan oleh Blogger.

Mengenai Saya

Foto Saya
Oemah Wayang Klaten
Lihat profil lengkapku

Chat

Art & Artist Blogs - BlogCatalog Blog Directory


Kerjasama Bareng :

Kerjasama Bareng :


Blogger templates