Jadwal Kursus OW

Dalang Cilik : Hari Kamis, dan Sabtu jam 16.00 s/d selesai.
Dalang Dewasa : Hari Sabtu, jam 20.00 s/d selesai.
Kethoprak : Hari Kamis, jam 20.00 s/d selesai.

Salam Budaya,,

LAKON WAYANG NARAYANA API-API SAKIT VERSI JOMBOR

Sabtu, 18 September 2010

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. LESANPURA
a. WAYANG
Prb. SETYAJIT, R. SETYAKI, Pth TUHUPRAYITNA, Tmg. TUHUPRALENA.
b. GINEM
Badhe dhaupanipun SETYABOMA lan DRUNA. SETYAKI tansah boten nyarujuki milikipun sang nata, awit DRUNA punika Pandhita pinter. Sowanipun PRAGOTA ngaturaken serat bilih ERAWATI sakit kang den ucap-ucapaken SETYABOMA. Pramila SETYABOMA kasuwuna dumugi ing RANDHUGUMBALA awit kang sakit tinirahaken neng kab linilan. SETYAKI ugo dados kanthi.

2. DIWARAKAWESTRI
YUDAKALAKRESNA kedanan SETYABOMA utusan gagal.

3. WANA
a. WAYANG
PAMADI, PUNAKAWAN, DEWA
b. GINEM
PAMADI sisah kedanan SETYABOMA prang buta. Karawuhan dewa wineca sanes jodhone kinen mantuk.

4. NGAMARTA
a. WAYANG
PUNTADEWA, SENA, KEMBAR
b. GINEM
Nampi timbalan saking LESANPURA. PAMADI dhateng kakanthi tan kersa laju tinilar.


5. RANDHUGUMBALA
a. WAYANG
BALADEWA, NARAYANA, SETYABOMA, SETYAKI
b. GINEM
BALADEWA, NARAYANA, ngudaraos babakale DRUNA kang badhe menceng ing lampah. Kersane BALADEWA badhe den pejahi. NARAYANA tan angsal awit anggenipun mulang PANDHAWA dereng rampung. Wasana SETYABOMA dhateng, NARAYANA mlebet kemul. SETYABOMA kadhawuhan mlebet SETYAKI jagongan lan BALADEWA sigeg.

6. CANDHAKAN
a. WAYANG
NARAYANA, SETYABOMA
b. GINEM
NARAYANA kemul api-api dados ERAWATI. SETYABOMA dhateng mijet sukune NARAYANA tangi sang retna badhe lumajeng ginondhelan. NARAYANA sajarwa sedyanipun badhe ngalang-alangi DURNA awit mindhak damel kekiyatan. SETYABOMA pasrah pondhongan.

7. BALADEWA lan SETYAKI sami-sami ndem-deman. BALADEWA radi wuru laju prasaja yen SETYABOMA badhe kakrama NARAYANA awit mindhak damel kewirangane sang retna sak kadang. SETYAKI nesu (ing batos sanadyan makaten rak inggih ngangge cara medal mergi). BALADEWA den songkol dados prang BALADEWA keseser. NARAYANA gandheng asta lan SETYABOMBA medal. SETYAKI sumerep semaput laju den ilir-ilir waluya. NARAYANA waleh sebab-sebabipun awit tembe PANDHAWA lan KURAWA badhe BRATAYUDA pramila DRUNA den alang-alangi, SETYAKI pasrah laju kadhawuhan ngedegaken Sayembara. SETYAKI lan SETYABOMA mantuk.

8. Yaksa nglurug.
9. LESANPURA.
a. WAYANG
SETYAJIT, PANDHAWA, SETYAKI, SETYABOMA
b. GINEM
SETYAJIT manggihi PANDHAWA. SETYAKI lan raka dhateng namung welingipun kinen ngenengaken sayembara, SENA ngulungi nanging tan pinaelu. Laju utusan nusul mring NGASTINA. Yaksa dhateng AMUK-AMUKAN.

0 comments:

Posting Komentar

Blog Archive

Diberdayakan oleh Blogger.

Mengenai Saya

Foto Saya
Oemah Wayang Klaten
Lihat profil lengkapku

Chat

Art & Artist Blogs - BlogCatalog Blog Directory


Kerjasama Bareng :

Kerjasama Bareng :


Blogger templates