Jadwal Kursus OW

Dalang Cilik : Hari Kamis, dan Sabtu jam 16.00 s/d selesai.
Dalang Dewasa : Hari Sabtu, jam 20.00 s/d selesai.
Kethoprak : Hari Kamis, jam 20.00 s/d selesai.

Salam Budaya,,

WANDA WERKUDARA

Selasa, 24 Agustus 2010

Ingkang saged kecathet
a. Lindhu           f. Gurnat
b. Lindhu Panon     g. Bambang
c. Panon            h. Mimis
d. Bugis            i. Jagur
e. Lintang          j. Gurnita


a. Werkudara wanda Lindhu
- Praupan    : Tumungkulbedhahan blabak irit.
- Gelung     : Sedheng, lungsen semu.
- Gulu       : Keker
- Badan      : Lemu singset.
- Piyadeg    : Pajeg
- Pundhak    : Radi inggil wingking sekedhik
- Tutuk      : Kedher
- Sunggingan : Gembleng

b. Werkudara wanda Lindhu Panon
Lindhu       : Horeg
Panon        : Mriat
Horeging mripat nuwuhaken obahing penggalih.
Yasan SUNAN MANGKURAT ing Mataram / Tegalarum th. 1578.
Ingkang dipun tedhak Werkudra Kedhu lan kajujud.

Ciri :
- Praupan    : Tumungkul sanget, rai katingal bunder.
- Mripat     : Jait.
- Tutuk      : Luwes
- Gelung     : Keker
- Gulu       : Radi cekak
- Pundhak    : Mikul (inggil wingking sanget)
- Dhadha     : Jembar, weweg.
- Piyadeg    : Gagah
- Pupu       : Malang, wentis manyul
- Jangkah    : Nglangkungi garis irung.
- Sungging   : Gembleng / prada.

c. Werkudara wanda Panon
Ciri :
Meh sami kaliyan lindhu panon, namung pawakanipun katingal kuru. Manawi Lindhu panon pawakanipun Gogot.

d. Werkudara wanda Gurnat
Ciri :
- Praupan    : Radi longok
- Gelung     : Sedeng
- Badan      : Ageng
- Piyadeg    : Semu doyok

e. Werkudara wanda Lintang
Yasan        : P. B. II (1655)
Ciri :
- Paupan     : Tumanduk
- Mripat     : Jait
- Tutuk      : Luwes
- Gelung     : Radi benjo
- Pundhak    : Leleh
- Gulu       : Manglung
- Badan      : Weweg kendho
Rengon kalian Jarotan / otot-ototan corakipun gandheng.
- Sungging   : Gembleng
             : Dipun cemeng (ireng) Bregas.

f. Werkudara wanda Bugis
Ciri :
- Praupan    : Sedeng, pilingan bunder
- Mripat     : Jait
- Tutuk      : Luwes
- Gelung     : Ageng Buweng
- Pundhak    : Radi leleh
- Pawakan    : Janjang
- Piyadeg    : Jejeg
- Sor-soran  : Rowa

g. Werkudara wanda Jagur
- Praupan    : Tumanduk
- Badan      : Ageng
- Piyadeg    : Angrong. Cethik minggah radi dhoyong majeng.

h. Werkudara wanda Gurnita
- Sajakipun barakan kaliyan GURNAT, namung ewah sawatawis kemawon. Kados dene lindhu Panon kaliyan Panon.

i. Bambang
- Meh sami kaliyan Bugis, namung rai dipun longokaken lan karapingaken.

j. Werkudara wanda Mimis
Yasan : Sunan Anykrawati Seda Krapyak.
Tahun : 1552, ingkang sapisanan th 1514 punika asal saking JUJUDAN Kidang Kencana (Kidang Mas).
Mimis tegesipun peluru.

k. Werkudara wanda Werkudara Kalung
- Praupan     : Caket kalian bugis liripun longok.
- Badan       : Kuru kenceng
- Kalung      : Tanggalan sungsum
- Kelat Bahu  : Ngangrangan
- Gelang suku : Ngangrangan
Ingkang yasa sapisanan dalang Jombor Danguran Klaten, asma R. HARJASUTIKNO. Dipun ginakaken manawi lampahan Bima Gelung. (Dewa Ruci).

0 comments:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.

Mengenai Saya

Foto Saya
Oemah Wayang Klaten
Lihat profil lengkapku

Chat

Art & Artist Blogs - BlogCatalog Blog Directory


Kerjasama Bareng :

Kerjasama Bareng :


Blogger templates