Jadwal Kursus OW

Dalang Cilik : Hari Kamis, dan Sabtu jam 16.00 s/d selesai.
Dalang Dewasa : Hari Sabtu, jam 20.00 s/d selesai.
Kethoprak : Hari Kamis, jam 20.00 s/d selesai.

Salam Budaya,,

WANDA

Kamis, 26 Agustus 2010

WANDA WAYANG PURWA

Wanda = wujud = rupa = ciri
Ingkang dipun wastani ciri punika sanes cacad, nanging titikan. 
Wanda wayang punika tuwuhipun saking prenthuling manah, ingkang saperlu kangge anjumbuhaken kaliyan kabetahan cak pakeliran.

Tuladha :
1. Werkudara ngadhep Darmakusuma mawi Werkudara wanda lindhu.
2. Werkudara pinuju perang, mawi Werkudara wanda lintang.
3. Kresna, Werkudara, Gathutkaca, Gembleng punika kaginakaken ing pathet enem tuwin pathet sanga.
4. Kresna, Werkudara, Gathutkaca cemeng/ ireng namung kaginakaken ing pathet manyura wanci dalu.

Sedaya punika awit (1) kangge nyocokaken antawacana kalian raos gathukin kaliyaan wanda (2) ing kawruh pedalangan, babagan pathet Antawecana, Wanda, Raos punika boten saged dipun pisahaken. Dene leregipun ugi nyaut dateng cak pakeliran.
Boten sadaya wayang punika gadhah wanda, nanging namung wayang-wayang ingkang gadhah lelampahan mawarni-warni.
Ewa semanten ugi wonten wayang ingkang wandanipun namung nunut.
Kadosta : Tuhuwasesa, Antareja, Gandamana, Wisatha, Durpada,
umbina, Rumara lsp.

Dene caranipun nitik wanda wayang punika kedah mirsani :
1. Praupan / rainipun wayang.
2. Piyadeging wayang
3. Pawakanipun
4. prabot / ageman / sandangan
5. Ciri-ciri ingkan gumathok
6. Garis-garis corekan
7. Sunggingan

1. PRAUPAN
a. Langak, tumungkul, utawi tumanduk.
b. Wiyar ciyuting praupan
c. Bedhahanipun.
Ingkang dipun wastani BEDHAHAN inggih punika mripat jahit/ bleles.

2. PIYADEG
a. Jejeg / nrayung / ndoyok.
b. Pacak suku Suku ngajeng pajeg / jojoh / nyuthat.
c. Suku wingking : pajeg / mancad.
d. Taneping gulu : sumende / rebah / rebah sanget.
e. Pundhak : siku (lempeng) / mlesed / jinggring / mikul.

3. PAWAKAN katitik saking :
a. Lemu / kuru / sedeng
b. Kendho / singset / ramping

4. PRABOT katitik saking :
a. Makutha : andhap / Inggil / ageng / alit / sedeng.
b. Praba : lantas / ngongkleh
c. Gelung : buweng / jinggring / leleh / kepu / ramping.
d. Sondher : Singset / kendho.

5. SUNGGINGAN katitik saking :
a. Cocok kaliyan wandane menapa boten.
b. Mapanipun / lenggahipun.
Umpaminipun :
- Jarik parangrusak kangge Togog lan Bilung, punika boten mapan.
- Gathotkaca dodotipun kawung, punika ugi boten mapan.
- Kresna wanda Rondon dipun awak-awaki ireng, punika ugi boten leres.

6. COREKAN katitik saking :
Garis-gars ingkang maton.
Umpaminipun : garis pucuk irung boten sipat kaiyan pucuk driji.
Suku ngajeng (tumrap wayang dugangan).
Kangge wayang bokongan (Janaka) pucuk pundak ngajeng sipat kaliyan pucuk driji suku ngajeng.

0 comments:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.

Mengenai Saya

Foto Saya
Oemah Wayang Klaten
Lihat profil lengkapku

Chat

Art & Artist Blogs - BlogCatalog Blog Directory


Kerjasama Bareng :

Kerjasama Bareng :


Blogger templates