Jadwal Kursus OW

Dalang Cilik : Hari Kamis, dan Sabtu jam 16.00 s/d selesai.
Dalang Dewasa : Hari Sabtu, jam 20.00 s/d selesai.
Kethoprak : Hari Kamis, jam 20.00 s/d selesai.

Salam Budaya,,

WANDA KRESNA

Kamis, 26 Agustus 2010

Wanda Kresna ingkang kecathet dening penulis :
a. Rondhon     e. Mawur
b. Mangu       f. Botoh
c. Gendreh     g. Sumyar
d. Surak

a. Kresna wanda Rondhon
Yasan : Sri Sunan Mangkurat in Kartasura
Tahun : 1605
Praupan : Tumanduk lancap
Pasu       : Manyul
Bathuk     : Bunder
Mripat     : Blebg radi es
Gulu       : Radi rebah
Pundhak    : Mleset, gris pundhak mepet gulu wingking radi minggah tinimbang garis pundhak ngajeng
Dhadha     : Mungal
Piyadeg    : Semu rangkung
Makutha    : Alit
Karawistha : Satunggal
Sumping    : Kados sumping oncen nanging boten oncen-oncen.
Praba      : Anakan ngajeng boten gathuk ggulu.

b. Kresna wanda Mangu
Praupan    : Kados Rondhon radi luhur
Pasu       : limrah
Bathuk     : Limrah katongan
Pundhak    : Radi siku, nanging radi andhap sekedhik
Piyadeg    : Katingal jejeg.
Sunggingan : Gembleng

c. Kresna wanda Gendreh
Yasan      : Sultan Agung Anyakrakusuma
Tahun      :1663
Praupan    : Tumungkul (tinibag Harjunasasra)
Mripat     : Blebes
Tutuk      : Luwes
Pundhak    : Kedher
Makutha    : Karawistha satungal
Pawakan    : Katingal kendho

d. Kresna wanda Surak
Praupan    : Longok
Mripat     : Jait / Blarak irit
Irung      : Radi andhap winking
Pawakan    : Ramping
Sungging   : Cemeng /ireng

e. Kresna wanda Mawur
Praupan    : Tumanduk
Pipi       : Radi lonjong
Pundhak    : mleret
Dhadha     : Radi nunggal

f. Kresna wanda Botoh
Praupan    : Longok semu manglung
Mripat     : Jait
Tutuk      : Luwes
Pundhak    : Jinggring
Piyadeg    : Jejeg
Pawkan     : Kendho
Bokong     : Ageng
Makutha    : Inggil radi alit, Karawistha sungsun

g. Kresna wanda Sumyar
Kresna wanda mangu dipun longokaken
Pundhak    : Mleret
Piyadeg    : Ngrayung

1 comments:

BinDjan mengatakan...

Menawi saget diparingi conto gambaripun saben-saben wanda langkung prayogi... Maturnuwun...

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.

Mengenai Saya

Foto Saya
Oemah Wayang Klaten
Lihat profil lengkapku

Chat

Art & Artist Blogs - BlogCatalog Blog Directory


Kerjasama Bareng :

Kerjasama Bareng :


Blogger templates