Jadwal Kursus OW

Dalang Cilik : Hari Kamis, dan Sabtu jam 16.00 s/d selesai.
Dalang Dewasa : Hari Sabtu, jam 20.00 s/d selesai.
Kethoprak : Hari Kamis, jam 20.00 s/d selesai.

Salam Budaya,,

LAKON WAYANG BIMANYU GROGOL VERSI JOMBOR

Kamis, 02 September 2010

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. DWARAWATI
a. WAYANG
KRESNA, BALADEWA, SAMBA, SETYAKI.
b. GINEM
JANAKA sirna mangka SUMBADRA gadhah anak alit, kersane BALADEWA, SEMBADRA badhe kaboyong dhateng MANDURA, KRESNA nayogyani. Bidhal mring BANONCINAWI.

2. BANONCINAWI
a. WAYANG
SEMBADRA, ABIMANYU, KRESNA BALADEWA
b. GINEM
SEMBADRA mengku ABIMANYU, KRESNA, BALADEWA rawuh badhe mboyong. SEMBADRA kersa laju bidhal. (JARANAN).

3. SABRANG
BUTA gandrung SEMBADRA, GAGAL.

4. MANDURA
a. WAYANG
BALADEWA, WISATHA, PRAGOTA
b. GINEM
Manawi BURISRAWA badhe mondhong SEMBADRA, ABIMANYU tansah ngribet-ngribeti pramila laju utusan WISATA ngampil ABIMANYU

5. CANDONO SEPILAR
a. WAYANG
Beg. CIPTOSEJATI, GANDAKUSUMA, PUNAKAWAN
b. GINEM
GANDAKUSUMA takon bapa winarah. Mundur, SEKAR.
6. CANDHAKAN
a. WAYANG
SEMBADRA, ABIMANYU, WISATHA,PRAGOTA, PREBAWA, GANDAKUSUMA, PUNAKAWAN, GANDASUMILIR
b. GINEM
SEMBADRA mangku ABIMANYU, WISATA dhateng nyuwun ABIMANYU. ABIMANYU laju kaparingaken dhateng PRAGOTA kinen mejahi neng wana, laju bidhal. Dumugi wana PRAGOTA badhe mejahi bayi boten wani (dosa). PREBAWA mancahi dene boten ngestokaken dhawuh ratu. PRAGOTA gadhah pemanggih tinimbang mateni uwong dadi dosa pilih ora ngestokake ratu pol-pole dicopot. ABIMANYU laju dipun grogol, trus dipun tilar wasana ABIMANYU nangis.
Lampahe GONDOKUSUMA dumugi ngriku sumerep ABIMANYU laju den luwari. PUNAKAWAN sami nangis. ABIMANYU laju dipun gendhong GONDOKUSUMA, PUNAKAWAN dherekaken mring MADUKARA (sanadyan JANAKA sirna lampahe). GANDAKUSUMA wonten wana ngidak GANDASUMILIR kang nembe tilem (tapa) awit tan uninga. GANDASUMILIR nesu tangi laju ngunus keris buru GANDAKUSUMA sinuduk dhuwung kenging ABIMANYU mati tan sambat, PUNAKAWAN tan uninga (GANDASUMILIR matak panglimunan). GANDAKUSUMA kraos kadleweran ludira kaged SEMAR nesu laju dipun padosi kepanggih GANDASUMILIR dipun labrak SEMAR, SEMAR dipun suduk dhuwung lajeng dipun tambal lempung waras (rambah-rambah). GANDASUMILIR terus diburu.

7. TASIKMADU
a. WAYANG
Prb. HARJUNALAKSITA GANDAWATI, GANDASUMILIR, SEMAR
b. GINEM
Prb. HARJUNALAKSITA lan GANDAWATI. GANDASUMILIR dhateng den buru SEMAR tan trimah. SEMAR den rapu, ABIMANYU den uripake. Dinangu matur bilih ibune neng MANDURA. HARJUNALAKSITA rucat keprabon babar PARTA nglurug mring MANDURA.

8. NGAMARTA
D. KUSUMA, BIMA, GATHUTKACA madosi PARTA.

9. MANDURA
a. WAYANG
BALADEWA, PRAGOTA, BURISRAWA, SEMBADRA, PARTA
b. GINEM
BALADEWA, PRAGOTA matur bilih ABIMANYU sampun pinejahan. BURISRAWA kinen mondhong SEMBADRA. SEMABADRA tan purun laju mlayu kepanggih para kadang.
PARTA, ABIMANYU sami ngamuk. ABIMANYU den cepengi PULANGGENI ngoyak BALADEWA (BALADEWA kangge kroyokan).

10. KRESNA dhateng nglarah-nglarahaken tindake BALADEWA murih dados jalaran timbul, laju sami rinapu.

AMUK-AMUKAN BUTA

0 comments:

Posting Komentar

Blog Archive

Diberdayakan oleh Blogger.

Mengenai Saya

Foto Saya
Oemah Wayang Klaten
Lihat profil lengkapku

Chat

Art & Artist Blogs - BlogCatalog Blog Directory


Kerjasama Bareng :

Kerjasama Bareng :


Blogger templates