Jadwal Kursus OW

Dalang Cilik : Hari Kamis, dan Sabtu jam 16.00 s/d selesai.
Dalang Dewasa : Hari Sabtu, jam 20.00 s/d selesai.
Kethoprak : Hari Kamis, jam 20.00 s/d selesai.

Salam Budaya,,

LAKON WAYANG LAIRE SETYAKI VERSI JOMBOR

Senin, 06 September 2010

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. LESANPURA
a. WAYANG
Prb. SETYAJIT, Pth. TUHUPRAYITNA
b. GINEM
Garwa nata dewi WRESINI badhe dipun sirami nanging mundhut nitih sima pethak. Babak Unjal KAKRASANA lan NARAYANA laju kinen ngupaya SIMA pethak lan sampun utusan, PAMADI teka dereng angsal kabar. Bidhal.

2. SWELABUMI
a. WAYANG
Prb. SINGMULANJAYA, Pth. TAMBAKYUDA, Emb. TAMBAKRINI.
b. GINEM
Sri nata tansah cuwa ing galih dene badhe angarwa WRESINI wusana dipun alang-alangi SETYAJIT. Utusan wadya kinen bedhah SWELA LESANPURAN. Bidhal gagal.

3. WANA
a. WAYANG
PAMADI, PUNOKAWAN
b. GINEM
PAMADI sisah dene tan saged angsal pundhutan. Prang buta pejah. PAMADI trus lampahe.

4. SWELABUMI
a. WAYANG
SINGAMULANJAYA, PATIH, Emban.
b. GINEM
SINGAMULANJAYA nampi wadul Emban sagah ngreka patih kinen dados macan putih emban malih tyang dhusun. Bidhal kapanggih PAMADI lan PANAKAWAN. Emban RINI nyaosaken sima pethak tinampi laju kakanthi mring LESANPURA.

5. PINGGIR WANA
a. WAYANG
KAKRASANA, NARAYANA, PAMADI
b. GINEM
KAKRASANA lan NARAYA neng pinggir wana sumerep PAMADI gya pinrepegan trus kondur mring LESANPURA.

6. LESANPURA
a. WAYANG
SETYAJIT, PUNTADEWA, SENA, KAKRASANA, NARAYA, PAMADI, PUNAKAWAN, SIMA, Emban RINI
b. GINEM
SETYAJIT, PUNTADEWA, SENA sami ngajeng-ajeng kang sami den utus. Wasana prapta KAKRASANA, NARAYANA, PAMADI ngaturaken sima lan Emban RINI laju upacara. Sima dipun titihi WRESINI laju mabur gya tinututi PAMADI dados prang, sima babar patih SWALABUMI mlajar. RINI den pulasara babar Yaksi, mlajar.

7. SWALABUMI
a. WAYANG
SINGAMULANGJAYA, Pth. TAMABAKYUDA
b. GINEM
SINGAMULANGJAYA nampi ature Patih gya nglurug

8. LESANPURA
a. WAYANG
SETYAJIT, WRESINI, NARAYANA, SINGAMULANGJAYA, SETYAKI, TAMBAKYUDA
b. GINEM
SETYAJIT lan para putri pulunan. WRESINI babaran mijil priya mengsah dhateng ngamuk sadaya sami kawon. NARAYANA ngampil bayi denedu dangu-dangu bayi dados ageng. SINGAMULANGJAYA den sabetaken ing pupu trus sumusup pramila naminipun dipun engge nama SETYAKI, Patih TAMABAKYUDA ugi pinarjaya, nami ugi dipun angge. AMUK-AMUKAN.

0 comments:

Posting Komentar

Blog Archive

Diberdayakan oleh Blogger.

Mengenai Saya

Foto Saya
Oemah Wayang Klaten
Lihat profil lengkapku

Chat

Art & Artist Blogs - BlogCatalog Blog Directory


Kerjasama Bareng :

Kerjasama Bareng :


Blogger templates