Jadwal Kursus OW

Dalang Cilik : Hari Kamis, dan Sabtu jam 16.00 s/d selesai.
Dalang Dewasa : Hari Sabtu, jam 20.00 s/d selesai.
Kethoprak : Hari Kamis, jam 20.00 s/d selesai.

Salam Budaya,,

LAKON WAYANG PATINE SAKRI VERSI JOMBOR

Rabu, 01 September 2010

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. WIRATHA
a. WAYANG
Prb. BASUKESWARA, garwa, WASITA, putra nata lan BASUKESTI, PURBANI, Pt. Karo.
b. GINEM
Sang bata midhanget wartos bilih begawan WASISTHA (SAKUTREM ) gadhah lembu ANDINI kang saged ngedalaken menapa-menapa kang pininta dening SAKUTREM. Kersanata badhe mirsani, bidhal.

2. NIKUNJA
a. WAYANG
Prb. WICAMITRA, Pt. WICADARMA.
b. GINEM
Sang nata badhe ngrebut lembune WASITA sarana alus, bidhal. Gagal.

3. SAPTARGA
a. WAYANG
MANUMAYASA (KENETASA), putra SAKUTREM lan putra mantu ADERAYANTI (DROJANTI PARTINI).
b. GINEM
SAKRI kesah awit garwa dewi DROYANTI anggenipun wawrat sampun 12 tahun dereng babaran. Kasaru dhatenge Pr. WICAMITRA api-api nepangaken lan ngrembag bab kawruh wasana laju dipun suguh ulam lembu, loh-loh darat. WICAMITRA taken bab NANDINI wangsulanipun SAKUTREM kang maringi Hj. ICWARA pininta dening sang nata SAKUTREM tan matur laju sami ningali wusana NANDINI dipun bandangaken WICAMITRA. NANDINI jerit-jerit neda tulung. SAKUTREM namung pasrah dhateng tekadipun NANDINI yen purun sumangga yen boten sumangga. NANDINI laju ngedalaken DENAWA kerdil mayuta-yuta saking tutuk balane WICAMITRA den untal sadaya, wusana NANDINI den uculaken, WICAMITA isin rumaos ratu kaliyan BRAHMANA langkung luhur Pandhita. Sang nata laju badhe tapa. WICAMITRA tapa muja BRAHMANA rawuh paring mantra lan weda kasekten. WICAMITRA badhe males SAKUTREM.

4. AYODA
a. WAYANG
Pr. SODA garwa AYATI, Pth. SADHA, Brahmana Wredha
b. GINEM
Anggenya tan puputra kasaru sowane Brahmana wredha (Mentas tapa) badhe nyuwun dhaharan laju kinen ngentosi. Sang nata manjing Pura, nanging kesupen kesagahanipun wusana laju malah saresmi lan garwa sabibare saresmi enget laju pawongan kinen caos dhahar ulam (mangka sampun wanci serap surya). Pawongan wus tan angsal ulam, sang nata dhawuh kinen pados ulam mayit sareng sampun, laju den paringaken. Sang wiku ngertos bilih ulam tiyang, laju kesah (muksa) lan nyupatani tembe sang SODA badhe dados buta. Sri nata sisah laju arsa lelana mring wana.

5. WANA
a. WAYANG
SAKRI, Prb.SODA
b. GINEM
SAKRI tapa piyambak wus wudhar. Pr. SODA langkung den ampiraken sang nata duka, SAKRI dipun tempiling. SAKRI nyedakaken SODA jleg dados buta, laju nangis lan badhe pados ruwat. Wusana kepanggih Pr. WICAMITRA ngujuk-ujuk supados mbadoga SAKRI awit anak SAKUTREM naging tan purn. Pr. WICAMITRA laju dhatengaken ratuning Brekasakan pun KINGKARA laju nitis dhateng SODA. Sang SODA katingal galak laju pamit sang WICAMITRA badhe madosi Beg. SAKRI, bidhal kepanggih BRAHMANA lan BRAHMANI nembe tapa badhe matrapaken Upacara kelairan. Wasana Bahmana gya den untal dening SODA. Brahmani nyupatani bilih tembe tan puputra.
SODA den panggihi WICAMITRA tinanggel saged yen saged nguntal SAKRI, bidhal lau pinanggih SAKRI nembe jagongan lan PANAKAWAN. SAKRI den untal, PANAKAWAN wadul WASISTA.

6. TAPELSUKET
PARTAWIJAYA lan PARTANA badhe tuwe SAKRI. Bidhal.

7. SAPTARGA
a. WAYANG
Beg. KUNJANA, SAKUTREM, Pr. PARTAWIJAYA, PUNAKAWAN
b. GINEM
Beg. KUNJANA lan SAKUTREM nampi Pr. PARTAWIJAYA. PUNAKWAN wadul PARTAWIJAYA duka ngamuk, nanging den untal ugi.
SAKUTREM bingung badhe laku tan saged kadadosan SAKUTREM laju dumugi Pabaratan anggenipun ngenleng kepanggih SODA. SAKUTREM enget gya linepasan sanjata. SODA sumaput rus den ciprati tirta Prawita den mantrani SODA dados bagus malih awit KINGKARA wus oncat lan ngaturaken bab lelampahanipun laju puruhit lan SAKUTREM madosi WICAMITRA pinarjaya.

0 comments:

Posting Komentar

Blog Archive

Diberdayakan oleh Blogger.

Mengenai Saya

Foto Saya
Oemah Wayang Klaten
Lihat profil lengkapku

Chat

Art & Artist Blogs - BlogCatalog Blog Directory


Kerjasama Bareng :

Kerjasama Bareng :


Blogger templates