Jadwal Kursus OW

Dalang Cilik : Hari Kamis, dan Sabtu jam 16.00 s/d selesai.
Dalang Dewasa : Hari Sabtu, jam 20.00 s/d selesai.
Kethoprak : Hari Kamis, jam 20.00 s/d selesai.

Salam Budaya,,

LAKON WAYANG CAHYA PINGIT VERSI JOMBOR

Jumat, 03 September 2010

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. MANDURA
a. WAYANG
NASUDEWA, Ar. PRABU, UGRASENA, Pth. SURAGUPITA
b. GINEM
Angraosi para putra-putra lan KANGSA dene tansah ngempalaken para nem-neman damel kuatos ing panggalih. Sang Nata badhe tinjo dhateng NGASTINA, bidhal.

2. GILINGWESI
SURATRIMANTRA midhanget kabar yen AMIRAH binuwang lan kakang jalu nama KANGSA samangke suwita neng MANDURA mila badhe madosi KANGSA lan nggecak MANDURA, bidhal para wadya. Perang GAGAL.

3. SAPTARGA
a. WAYANG
ABIASA, YAMAWIDURA, PUNAKAWAN
b. GINEM
ABIASA nampi YAMAWIDURA lan PANAKAWAN nyarawedekaken bab sirnaning bayi ing kandhutananipun KUNTHI. Wineca kinen madosi sarana alus mundur sekar.

4. KAHYANGAN

GURU, NARADA, ENDRA. GINEM l gara-gara awit wonten cahya kang sumorot neng repat kepanasan, dewa-dewa kinen nyingkiraken nging tan saged. GURU wus mulat gya den lebda supados mring awang-awang kumitir cahya kang wus wujud bayi laju mesat.

5. ASTINA
PANDHU nampi ature YAMAWDURA gya ngrogoh suksma mahawan nuju mring KAHYANGAN lan PANAKAWAN ugi dherek

6. AWANG-AWANG KUMITIR.
DEWA RUCI nampu cahya wujud bayi dinangu sedyane sarehning badhe tumitah nyuwun sangu neng gesang gya winulang wajibing manungsa lan kasampurnan PANDHU rawuh nyuwun cahaya (bayi) kang ical. Cahya wau jatine bayi kang neng kandhutan laju kadhawuhan wagsul mring kandhutan bidhal lan PANDU. GURU winelung kinen nurunaken sarining WISNU lan SRI sinagahan. Mundur. Lampahe bayi lan PANDHU mawi oyak-oyakan wasana bayi rinangkut de sang PANDHU.

7. NGASTINA. KUNTHI, MADRIM, BASUDEA, bayi cinemplungaken malih. PANDHU laju wangsul ing raga laju sami suka-suka. ARIA PRABU nusul yen MANDURA kedhatengan mengsah. PANDHU sigra mring MANDURA.

8. MANDURA. SURATRIMANTRA prang lan YAMAWIDURA kagetak KANGSA manjing ya sami waleh. SURATRIMANTRA api-api teluk. AMUK-AMUKAN.

0 comments:

Posting Komentar

Blog Archive

Diberdayakan oleh Blogger.

Mengenai Saya

Foto Saya
Oemah Wayang Klaten
Lihat profil lengkapku

Chat

Art & Artist Blogs - BlogCatalog Blog Directory


Kerjasama Bareng :

Kerjasama Bareng :


Blogger templates