Jadwal Kursus OW

Dalang Cilik : Hari Kamis, dan Sabtu jam 16.00 s/d selesai.
Dalang Dewasa : Hari Sabtu, jam 20.00 s/d selesai.
Kethoprak : Hari Kamis, jam 20.00 s/d selesai.

Salam Budaya,,

LAKON WAYANG BASUDEWA KRAMA VERSI JOMBOR

Jumat, 03 September 2010

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. NGASTINA
a. WAYANG
Prb. KUNTHIBOJA (garwa BANDONDARI), putra SADDA (BASUDEWA), Ary. PRABU, UGRASENA, Pth. YADAWANGSA, Tmg. SARAGUPITA.
b. GINEM
BASUDEWA kinen krama lan mupu sayembara dhateng NGIMA-IMA (WIDARBA) Putrane BADRAWINATA (CAKRPADMA) putrane Prb. NADRAWINATA (CANDRAPADMA) dewi BADRAINI kang kangge toh bidhal.

2. NGIMA-IMA
a. WAYANG
Prb. BADRAWINATA, R. NADRASENA, Pth. TUMBAKBAYA/BASUDEWA, RUKMA
b. GINEM
Prb. BADRAWINATA lan rayi R. NADRASENA (CANDRADIPA), pth. TUMBAKBAYA/ BASUDEWA mupu tandhing binuncang maruta, RUKMA badhe nraya PANDHU, bidhal.

3. GILINGWESI
a. WAYANG
Prb. GORAWANGSA, Emb. RINI, Pth. GORAYAKSA, R. SURATRIMANTRA
b. GINEM
Anggenipun nglamar AMIRAH tan antuk wangsulan, kersa nata badhe mring Wukir MAHENDRA NGANDHONG CEPAKA, bidhal.




4. SAPTARGA
a. WAYANG
ABIASA, PANDHU, PANAKAWAN.
b. GINEM
Bab pranataning praja. RUKMA sowan nedha sraya. ABIASA sagah nanging nyuwun bebana rangka cendhana wedalan MADURA tur cendhapethak gosok bang ngemu tulis (Lire mundhut putri). RUKMA nyagahi PANDHU bidhal lan RUKMA, PANAKAWAN. prang SEKAR. PANDHU nedya medal tlatah MAHENDRA. Bidhal.

5. NGANDHONGCEMPAKA
a. WAYANG
Beg. AMIRAGA, Dewi AMIRAH, GORAWANGSA, BASUDEWAPANDHU, Ar. RUKMA
b. GINEM
Beg. AMIRAGA lan putra dewi AMIRAH. KATUNGKA GORAWANGSA dhateng nantun AMIRAH sumados 40 dinten. GORAWANGSA mesanggrahan. MIROGO lan AMIRAH pados srayan bidhal, wasana BASUDEWA dhawuh laju kepanggihAMIRAG. BASUDEWA kasraya sagah laju nempuh GORAWANGSAH prang. BASUDEWA ginetak kabur sinaut PANDHU,Aria RUKMA sami waleh laju nempuh GORAWANGSA sawadya sineblak barat kabuncang BASUDEWA laju kadhaupaken lan AMIRAH. BASUDEWA pamit nedya mring NGIMA-IMA malih, bidhal.

6. NGIMA-NGIMA
a. WAYANG
BADRAWINATA lan BADRASENA, BASUDEWA, PANDHU, BAJRASENA
b. GINEM
BASSUDEWA sowan ;an PANDHU laju mupu malih. BAJRA SENA kasor laju katur nata BASUDEWA kadhaupaken lan BADRAINI. BASUDEWA pamit nedya kondur.
7. MAHENDRA
a. WAYANG
Beg. KAWITA, Dewi MAERA, BASUDEWA, PANDHU
b. GINEM
Beg. KAWITA (SWEDA) lan putra dewo MAERA kedhatengan sima nama .... mundhut MAERA tan angsal wasana lumajar binuru sang wiku kepanggih BASUDEWA, PANDHU. Kasraya sagah. Sima jinemparing dening PANDHU babar bayu, laju kawulang aji kados GANDAMANA. MAERA kadhaupaken kaliyan BASUDEWA, wusana BADRAINI, AMIRAH kang neng jro supena BASUDEWA sami medal sami nyuwun pegat sadaya. BASUDEWA jengkel laju badhe suduk salira. Para garwa laju sami rukun BASUDEWA lan garwa. PANDHU, RKMA pamit.

8. MANDURA
Sami-sami suka nampi BASUDEWA lann garwa PANDHU.

0 comments:

Posting Komentar

Blog Archive

Diberdayakan oleh Blogger.

Mengenai Saya

Foto Saya
Oemah Wayang Klaten
Lihat profil lengkapku

Chat

Art & Artist Blogs - BlogCatalog Blog Directory


Kerjasama Bareng :

Kerjasama Bareng :


Blogger templates