Jadwal Kursus OW

Dalang Cilik : Hari Kamis, dan Sabtu jam 16.00 s/d selesai.
Dalang Dewasa : Hari Sabtu, jam 20.00 s/d selesai.
Kethoprak : Hari Kamis, jam 20.00 s/d selesai.

Salam Budaya,,

LAKON WAYANG LAIRE ABIASAVERSI JOMBOR

Sabtu, 04 September 2010

Lakon di bawah ini merupakan salah satu lakon versi Jombor. Versi Jombor merupakan salah satu versi gaya Pedalangan yang ada di Kabupaten Klaten. Apabila dibandingkan dengan sumber-sumber cerita pewayangan yang ada tentu saja lakon-lakon versi Jombor mempunyai beberapa perbedaan. Perbedaan ini diharapkan tidak menjadikan kebingungan bagi para pembaca, namun akan menambah perbendaharaan lakon berdasarkan versi dan sumber ceritanya.


1. WIRATHA
a. WAYANG
Prb. BASUKESTHI (b. KESWARA II, WASUPATI), garwa Dewi GIRIKA (ADRIKA, SWAGANDANI ADI, BASUPRADA). R. DURGANDANA, Pth. WAITA, R. MAHADEWA, MUDADARMA. SRI MAHADEWA.
b. GINEM
Putra dewi DURGANDINI kang katitipaken Beg. DASA ing YAMNA dipun lamar nta 1000 praja. DURGANDANA kinen mboyong SRI MAHADEWA ngaturaken supe saking PARASARA.

2. MANGGAPURA
a. WAYANG
Prb. SUWELA, Prb. SUCANDRA, Pth. AMBOGA
b. GINEM
Panglamare dhateng WIRATHA tan antuk wangsulan. Sedya nata badhe mring YAMNA awit DURGANDINI neng YAMNA bidhal. GAGAL.

3. KAHYANGAN
a. WAYANG
GURU, NARADA
b. GINEM
Gara-gara taksih kemawon mangka RARAAMIS wus katirahaken. Ing samangke PARASARA tapa neng PAREWANA. (Palenggahane GURU dipun colong Gandarwa SWALA) utusan dewa-dewa jugaraken, bidhal.

4. PAREWANA
a. WAYANG
PARASARA, PANAJAWAN, DEWA-DEWA


b. GINEM
PARASARA tansah menggalih titising RUKMAWATI awit dereng antuk titikan. Dewa-dewa dhateng sulayaning rembag dados prang. Dewa-dewa kasor.

5. KAHYANGAN
a. WAYANG
GURU, NARADA, DEWA-DEWA
b. GINEM
GURU, NARADA nampi waduling dewa-dewa. GURU lan NARADA nampi waduling dewa-dewa. GURU lan NARADA badhe ngrencana kanthi cara malih mprit putih.

6. WANA
a. WAYANG
PARASARA, PANAKWAN, EMPRIT
b. GINEM
PARASARA lan PANAKAWA tapa mbisu. Emprit dhateng mapan ing nginggille PARASARA sarwi nguda raos bab PARASARA lan medharake kesagedtane PARASARA sarta medharake kawruh-kawruh weda kasampurnan.
Emprit wadon taken asmaning pangeran kang piningit. Emprit jalu mabur. PARASARA nututi wasana dumugi tepining YAMUNA, laju ngundang juru tambang. SUGANDINI dhateng laju sami dinangu putrane Begawan DASA laju numpak prau. SUGANDINI nelahi kringete aganda amis laju den usadani PARASARA waluya. Wusana PARASARA mulat kang retna enget gambar kang tinuduhken de sang RUKMAWATI wusana kama mijil laju binuwang neng kali sinarap ulam jambal lan wegal, asta den usapke neng canthik saking dayane sang wiku prau pecah sami kerem. SUGANDINI timelungan dening PARASARA, PANAKAWAN tinulungan dening emban. SUGANDINI laju pasrah jiwa awit saged ngusadani lan mitulungi. PARASARA sagah laju muja Gajahoya. Wekasan babar mijil cemeng tinengenran WIYASA, pethak binuwang. Wasana SUGANDA dhateng badhe mboyong. PARASARA pareng laju kondur WYASA kabekta SUGANDINI muwun Begawan DASA rawuh laju boyongn.

7. KENCANAPURA
a. WAYANG
Prb. KAEKAYA, KEKAYI, R. KINCAKA, RUPAKENCA, BIMAKENCA
b. GINEM
KEKAYI ginubel putra R. KINCAKA lan RUPKENCA, BIMAKENCA sami taken bapa wineca lelampahe KEKAYI rikala kadadosaken ulam jambal. KINCAKA sakadang pamit badhe suwita rama, bidhal.

8. WREKSASARENGGA
a. WAYANG
Beg. INDRADEWA (WISATARA, WATARI, REKATHAWATI, RAJAMALA
b. GINEM
WATARI ginubel putri REKATHAWATI lan RAJAMALA taken bapa, winedar lelampahane WATARI rikala kadadosaken ulam wagal laju pamit. Putra-putra suwita, bidhal.

9. WANA
a. WAYANG
SETA, KIDANG, NARADA, KINCAKA, REATHAWATI, JIMUTA
b. GINEM
SETA den susuni kidang, NARADA rawuh SETA tinuduh suwita neng SATARENGGA lan kinen misah kadange kan pancakara, bidhal. KINCAKA lan rayi lampahe dipapag REKATHAWATI jinawat JIMUTA nesu dados prang pinisah de sang SETA, laju sami waleh, bidhal sareng.

10. PARASARA, ABIASA nampi para putra. ABIASA kangen ibu gya den terake, bidhal.

11. NGASTINA
a. WAYANG
SANTANI, DEWABRATA, BASUDARA (Adi pratipa
b. GINEM
sakunduripun GANGGA, DEWABRATA laju nangis kemawon. Sang nata midhanget sayembara WIRATHA sedya badhe mupu bidhal.

12. WIRATHA
a. WAYANG
BASUPRICARA, PUTRA-PUTRA, SUGANDINI, BISMA, ABIASA, SANTANU, PARASARA
b. GINEM
BASUPRICARA nampi putra-putra laju den edegaken sayembara tan ana kang pinilih CANTU matur nyuwun SUGANDINI sgah nanging yen patutan sageda dados ratu. BISMA nyagahi laju mlebet karadenayon ABIASA dhateng pirsa iu mangku DEWABRATA gulung WYASA nagis DEWBRATA gisin-isin. WYASA nesu DEWABRATA den tabok DEWABRATA wadul SANTANU. ABYASA den gitik, WYASA wadul PARASARA dados prang sinapih GURU lan NARADA. DEWA dangu purwane sami munjuk, laju tinari sapa milih SUGANDINI ijole kraton. DEWABRATA pilih ibu, ASTINA dadi hake WYASA. SANTANU kacopot mapan ing TALKANDHA. BASUKESTHI dipun gentos SUGANDA dadi ratu. Amuk-amukan Ratu 1000 praja.

0 comments:

Posting Komentar

Blog Archive

Diberdayakan oleh Blogger.

Mengenai Saya

Foto Saya
Oemah Wayang Klaten
Lihat profil lengkapku

Chat

Art & Artist Blogs - BlogCatalog Blog Directory


Kerjasama Bareng :

Kerjasama Bareng :


Blogger templates